#Ngecebres: 2024
Kulanuwun. Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin
Luur, sepurane ya, kiye inyong esih ngecebres pemilu. Wulan-wulan wingi rika mesti krungu kan, nek arep ana revisi uu pemilu no 7 tahun 2017? Ana usulan arep gawe pemilu nasional lan pemilu lokal utawa pemilu daerah. Pemilu nasional kuwe milih presiden/wakil presiden, DPR RI, DPD RI, DPRD Propinsi lan DPRD Kabupaten, serentak sedina demulai neng taun 2024. Nek pemilu lokal kuwe pemilihan nggo milih gubernur/wakil gubernur, bupati/wakil bupati lan walikota/wakil walikota, usulan rencane bareng serentak neng taun 2027.
Mulane ana usulan sedurunge gutul pemilu lokal, pilkada debalikna maning 5 tuanan kaya biasane, yakuwe taun 2022 lan 2023. Contone neng banyumas akhir masa jabatane bupati/wakil bupati 2023, pilkadane yaneng taun 2023. Uu pemilu uga arep derevisi contone babagan parlemen treshold (ambang batas parlemen), babagan pencalonan, larangan calon sing sekang eks HTI lan lia liane.
Ningen usulan revisi mau, siki wis mandeg alias decabut sekang prolegnas DPR RI. Siki kiye kabeh wis kompak, pemerintah lan DRP ora nerusna maning rembugan revisi UU. Dadi balek meng aturan awal, yakuwe Pemilu 2024 lan pilkada serentak uga neng 2024, sing bedakna mung beda wulane.
Dadi ngesuk taun 2024 ana loro pemilihan, pemilihan umum lan pemilihan kepada daerah. pemilihan umum kuwe nggo milih presiden/wakil presiden, DPR RI, DPD RI, DPRD Propinsi lan DPRD Kabupaten. Nek pemilihan kepada daerah kuwe milih gubernur/wakil gubernur, bupati/wakil bupati lan walikota/wakil walikota. Taun 2024 kuwe pilkadane serentak bareng seluruh Indonesia.
Inyong krungu-krungu kabare rencane pemilu neng wulan febrauri utawa maret tahun 2024, angger pilkadane wis mesti wulan nopember 2024.
Luur, 3 taun maning pemilu 2024. Sanajan esih 3 taun maing, siki akeh partai sing lagi pada golet jago nggo dadi caleg. Partai pada gerilya, mereki tokoh masyarakat ben gelem dadi caleg partaine. Nek rika arep nyaleg mulai siki siap-siap. Nentukna kira-kira nyaleg sekang partai apa. Ningen sing utama desiapna kuwe niat, kudu delurusna niat. Niate arep nyalon kuwe apa. Aja nyalon kuwe niate golet gawean apa urusan materi tok, ningen kudune niat sing lewih adiluhung yakuwe bekti meng Pangeran lan manfangat urip bebrayan.
Nek niate wis lurus kaya mau, mlakune lewih enteng. Malahan kaya ana sing nuntun. Ora gemrungsung. Mergane sadar nek urusan mengkone dadi apa ora kuwe wis dadi takdir. Wis dadi garis nasibe.
Tes niate delurusna, gari rika mulai ikhtiar. Mulai gawe jeneng lan darma. Sedulur, kanca lan tangga teparo kudu deapiki kabeh. Mulai ngendong lan dolan nggone kanca batir. Kudu wani kesel dolani sedulur kanca batir. aja pemilu wis perek, rika nembe dolan lan nembung meng kanca. Nek rika wis ngendong ngal dina, wis akeh kanca batir sing detembung lan dejaluki donga, bisa dadi ngurangi ongkos politike. Sebabe rika wis dekenal neng wong akeh.
Sebenere nyaleg kuwe udu soal fisik lan niat tok, inyong olih crita sekang kanca-kanca sing nyaleg taun 2019 wingi kae. Kejaba fisik lan nyiapna modal, uga ora kalah pentinge nyiapna mental lan spiritual. Ana pirang-pirang cara utawa laku ben mental lan spirituale ketata. Ningen beda guru beda laku batine. Ana sing puasa ngapit weton, puasa sunah, ziarah meng makam-makam kramat, adus neng sendang utawa sumur kuna, gutul laku sing aneh-aneh liane.
Sing penting siji, kudu tetep rasional, kudu laku sing nemu akal. Aja ngangsi saking kepengin dadine rika pada, gadaikna kenyakinan. Lan kudu dekandeli maning, dadi ora rikane pada kuwe wis ana tulise, wis dadi garis nasibe. Rika pada mung gari usaha sing mempeng, lewih perek karo sing gawe urip, ngakehi amal becik. Ra sah kepikiran nyiapna duwit nggo wuwur ya lur. Malah bisa mubah, dadi ora, dunya ilang ora genah. Nek dadi kecatet ora berkah. Mbok kaya kuwe?
Kesuwun ya lur, wis aor hee. Klilan.