#Ngecebres 18 : Pancasila
#Ngecebres18 Pancasila Neng : Imam Arif S (ketua KPU Kab. Banyumas) Kulonuwun Kepriwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin Luur, ben tanggal 1 juni kuwe depengeti dadi tanggal laire pancasila. Pancasila sekang tembung panca lan sila. Panca kuwe artine lima, nek sila kuwe artine prinsip. Nemu mangsud, pancasila kuwe lima prinsip. Apa bae lima prinsip kuwe? Lima prinsip ya kuwe ketuhanan yang maha esa, kemanusiaan yang adil dan beradab, persatuan indonesia, kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan/perwakilan, dan keadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia. onine pancasila sing kaya kuwe anane neng Pembukaan UUD 1945. Isine Pancasila kuwe asline wis kit biyen banget delakoni, deamalna neng warga indonesia kawit kuna sedurunge bangsa indonesia merdeka. Dadi Pancasila kuwe wis pas karo agama, budaya, peradaban lan ketatanegaraan sing wis tau ana neng bumi nusantara. Tembung pancasila kuwe pertama disit dewek sing ngucapna kuwe Bung karno, pas sidang BPUPKI 1 juni 1945. Mulane kuwe tanggal 1 juni mau depengeti dadi dina laire Pancasila. Luur, Pancasila kuwe pirang-pirang fungsi lan perane : 1). Pancasila dadi dasar negara indonesia. mangsude nilai-nilai sing ana neng pancasila kuwe dasar, landasan lan pedoman utama nggo penyelenggaran negara lan urip bebrayan neng bumi indonesia. Kabeh aturan lan undang-undang penyelenggaraan negara kudu pas karo nilai-nilai pancasila. Ora oleh mbedani. 2) Pancasila uga dadi indeologi bangsa indonesia, mangsude tujuan bareng bangsa indonesia ben urip makmur lan sejahtera kuwe kudu pas lan ngetrapna nilai-nilai pancasila. Nilai-nilai pancasila mau kudu deamalna bareng-bareng neng masyarakat. 3) Pancasila uga dadi falsafah bangsa. Ora olih deganti. Wis dadi harga mati. Ora olih deowah-owah. Mulane pancasila kudu tetep desinauni, dipahami lan deamalna terus-menurus. Ben bisa tetep lestari, ora ana sing wani ngganti. 4). Pancasila uga dadi dasar hukum. Pancasila dadi sumber kabeh aturan lan undang-undang. 5) Pancasila uga dadi pandangan luhur bangsa, mangsude pancasila kuwe kasil sekang rembugane, musyawarahe para priyayi zaman kuna, para pemimpin bangsa awal kemerdekaan biyen kae. Fungsi lan peran Pancasila liane ya kuwe, Pancasila dadi cita-cita bangsa, uga dadi sumber norma. Pancasila dadi pandang hidup kabeh warga Indonesia, ben indonesia kokoh, kuat sekang ancaman lan gangguan musuh-musuh negara. Kuwe luur, Pancasila kuwe penting banget tumrape bangsa Indonesia. Ningen siki akeh wong ngaku-ngaku paling pancasilais, inyong Indonesia, inyong pancasila. ningeng nyatane priwe? Nyatane poh, tindakane, polahe ora cocok karo nilai Pancasila. Ngaku Pancasila, ningen esih sok paling kuasa. Ngaku Pancasila, ningen adigang adigung. Ngaku Pancasilais, ningen ora bisa toleransi. Ngaku paling Pancasila, ujung-ujunge anu nggo semena-mena meng lai sing ora pada. Luur, nek biyen kuwe ngukur utawa nilai wong pas karo pancasila apa ora kuwe gampang ukurane. Gari nyocogna karo butir-butir Pengamalan pancasila. Saben-saben sila neng pancasila uwis ana panjelasane, katrangane. Biyen sedurunge reformasi, cacahe butir-butir pancasila kuwe ana 36 katrangane. nek siki tes reformasi, butir-butir pengamalan pancasila wis dadi 45 cacahe. Luur, Wektu dewek cilik kae ya luur, dewek ben dina kuwe kon ngapalna butir-butir pedoman penghayatan lan pengamalan pancasila (P4) mau utawa ekaprasetya panca karsa. Nek wis apal, depahami lan deamalna. Kabeh cah sekolah wektu semono sedurunge reformasi mesti apal karo buti-butir pancasila. Uga ana lombane, lomba cerdas cermat p4. Hadiahe lumangyan pisan koh luur. Inyong tau dadi juara, olih hadiahe beasiswa. P4 kuwe deajarna udu neng sekolahan thok, luur. Neng kampus-kampus, pas ospek uga ana P4. Neng PKK, dasa wisma, RT an uga dewulangna P4. Tes pegawai, perangkat desa gutul pendidikane P4. Ndaftar tni polri, uga ana ujian P4. Gutul dadi kepala daerah uga wajib paham lan ngerti P4. Kabeh wong wektu semono, ora ndeleng statuse apa, nyambut gawene apa, kabeh dewulang P4. Deajari, kon depahami lan deamalna pancasila kuwe neng masyarakat. Ningen siki priwe luur? boro-boro masayrakat umum, cah sekolah lan kuliah wis akeh sing ora apal Pancasila. apamaning ngerti lan paham butir-butir pengamalan Pancasila. Kae dewek toli sering menangi, wong kena razia masker deukum kon ngapalna Pancasila nyatane ora apal, pathing plintat plintut ngisin-ngisini. Priwe dadi dasar Negara, priwe arep dadi ideologi bangsa, nek apal tok onine kaya apa mbe ora apal, apaming paham lan ngamalna. Lewih nlangsani maning, ana artis neng tv biyen kae, celala celili ora apal Pancasila blass. Mbok wis mringgani pisan. Lur, priwe arep dadi urip bebrayane akur, guyub rukun, makmur lan sejahtera, nek sing dedakna pedoman hidup ya kuwe Pancasila ora dewulangna neng sekolah lan kampus2? Wingi kae meh bae ana aturan sekang pemerintah sing ora majibna pendidikan Pancasila neng sekolah-sekolah lan kampus-kampus. Nek kaya kiye critane, mbok bisa dadi generasi mudane ora paham pancasila. Mulane dadi merguyokna lan nlangsani pisan, ngorong-ngorong ngaku pancasilais, paling Pancasila, ningen tindak tanduke ora nyermina nilai-nilai Pancasila. Inyong niteni, tes reformasi, dewek pada kaya alergi meng Pancasila lan P4. Mulane wajar dewek urip bareng bermasyarakat, ningen ora ana sing dadi ugeman, pedoman. Mulane ananne menang-menangan, kuat-kuatan, ora ana teposeliro lan rasa bebrayane blass. Kabeh egois mikirna awake dewek, kelompoke dewek. Krasa paling bener lan paling kuasa. Nek kaya kiye, siap-siap Indonesia mung gari crita tok kaya negeri Yugoslavia. Luur, mumpung mengeti dina lair Pancasila, yuh mulai maning, dewiwiti maning, pada gumregah, semangat goli ngamalna pancasila. Sing dadi pejabat pendidikan, gagean majibna maning pelajaran pancasila neng sekolah-sekolah lan kampus-kampus. Pemerintah gagean gawe program sing kaya P4 ganu kae, mbuh jenegne apa ya terserah njen pada. Sing dadi pejabat, politisi, tokoh masyarakat, tokoh agama lan tokoh-tokoh liane , kudu gawe conto priwe ngamalna pancasila. Aja pada ngapusi lan korupsi. Sing dadi pembuat undang-undang utawa aturan, uga kudu gawe undang-udang sing bener-bener pas karo nilai pancasila. Sing dadi penengak hukum, uga kudu ngamalna pancasila. Nek kabeh wis gumregah, pada-pada ngamalna pancilsa neng masayratakat, insyaaAllah urip masyarakat Indonesia pada akur, guyub rukun, lan makmur kejibar jibur. Allahuma Aamiin. Cukup semono bae ya luur, mogaa ana manfangate. Kesuwun ya lurr. Klilan.
Selengkapnya