#NGECEBRES

102

#Ngecebres : Pengilon

Kulonuwun Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin Pengilon. Kabeh umah ana pengilon. Meh kabeh senthong ana pengilon. Pengilon mesti ana neng kantor, neng pabrik, neng sekolahan, neng kampus, neng hotel, neng rumah sakit, lan pirang-pirang panggonan uga ana pengilon. Neng tase wong wadon uga ana pengilon. Meh saben dina dewek kuwe ngadeg neng ngarep pengilon, niyate arep ngaca. Tangi turu ngaca, arep mangkat ngode ngaca, arep sekolah ngaca, arep sembahyang ngaca, arep kondangan ngaca, malahan arep turu uga ana sing ngaca disit. Lewih-lewih wong wadon,gunane ngaca bae. Wedi mbok krudunge menceng, pupuran lan lipene pathing dlewer. Pengilon nidokna inyong lan rika apa anane. Angger awake inyong lan rika lemu, neng pengilon keton lemu. Anger awake gering, neng pengilon keton gering. Angger rika ganteng lan ayu, neng pengilon keton ganteng lan ayu. Angger inyong lan rika kuwe awake blepotan lan akeh kotorane, neng pengilon keton blepotan lan akeh kotorane. Mulane pengilon kuwe kena nggo instropeksi utawa mawas diri. Tujuane ben dewek bisa ndandani apa sing esih kurang lan ora pas. Lur, dewek kuwe sering ngrasani lan maido meng pemimpin lan pemerintah. Jerene pemimpine ora tau gelem mikirna rakyate, senenge korupsi, kolusi, nepotisme lan sapiturute. Pirang-pirang omongan ala sing dealamatna meng pemimpin. Sebenere tah inyong lan rika pada sing dadi rakyat kuwe bisaa instropeksi lan mawas diri. Mergane apa? Mergane pemimpin kuwe pengilon priwe kondisi lan perilaku rakyate. Kanjeng Nabi tau nyabda “ Kamaa takuunu yuwalii ‘alaikum” (apa kondisi lan perilakune rika pada, ya kaya kuwe kondisi lan perilakune pemimpine mau). Babagan pemimpin lan rakyat kuwe dewek bisa sinau sekang kondisi biyen jaman kemerdekaan. Jaman biyen kae, rakyat indonesia pada kendel, wani nglawan penjajah, mandiri, berdikari lan seneng gotong royong. Mulane sing dadi pemimpin kuwe wonge maen-maen, luhur budi pekertine, ora tau mentingna awake dewek, ora ngapusi lan ora korupsi. Bung Karno, bung Hatta, Jendral Sudirman, KH. Agus Salim, M. Natsir lan akeh liane. Tokoh-tokoh pemimpin mau kuwe kondang apike, kendel, pinter lan berjuang nggo rakyat lan bangsa indonesia kabeh, udu nggo kapentingane dewek lan keluargane, uripe sederhana lan ora poya poya. Ningen maju ngeneh-ngeneh bae, kondisi lan perilakune dewek pada wis mulai brubah. Siki inyong lan rika pada apatis, egois, ora pedulian. Ana tanggane mriyang, kencot lan mlarat, dewek toli akeh-akehe pada api-api ora ngerti. Ana wong lagi kena musibah, kecelakaan, pada mung ndeleng thok, emoh nulungi mergane jere bebeh mbok urusane dadi dawa. Dewek siki pengine apa-apa serba instan, ora sabaran, pengine serba cepet tur kasil, mula nyuap nganah ngeneh, ben urusane lancar. Nyuap desuap wis dadi budaya. Angger ana pemilu, dewek kuwe ora duwe isin, sapa sing aweh duwit kuwe sing depilih. Ora peduli, sing depilih kuwe apik apa ora budi pekertine, ora peduli kapasitas, kualitase lan masa lalune. Malah ana sing gagah banget ngomong “ola uwit ola obos, ora dinei duwit ora nyoblos”. Mulane si mulane ya lur, sing dadi pemimpin, pemimpin sing ora peduli, ora kober mikirna nasib rakyate, mikire awake dewek lan keluargane. Suap, korupsi lan kolusi uga nepotisme wis dadi budaya, nyebar neng endi ora, ora neng duwur ora neng ngisor, kabeh pada. Luur, mbok dewek wis blenger lan sumpeg ndelengna kondisi kaya kuwe mau. Dewek kepengin uripe sejahtera, makmur, anyem. cukup sandang pangan lan papan. Kondisi mau brubah dadi apik apa ora gumantung inyong lan rika pada, sing bisa ngrubah mung inyong lan rika, warga masyarakat. Neng al Qur’an wis cheta wela wela “ Sejatine Gusti Allah ora bakalan ngrubah nasib utawa kondisine masyarakat, kejaba warga masyarakat mau gelem ngrubah awake dewek”. Angger dewek pengin duwe pemimpin sing maen, sing ora ngapusi lan korupsi, sing gelem mikirna nasibe rakyate, ben urip makmur, anyem, cukup sandang pangan lan papan, kuncine sing dadi warga masyarakat ya kuwe inyong lan rika pada kudu brubah sifat lan perilakune. Kudu ndandani perilakune dewek dadi apik, akeh amalan sing becik, urip brayan sing guyub rukun, gotong royong, tepo seliro, sederhana lan budi pekerti luhur liane. Angger pas pemilu, kudu wani nolak wuwur lan krasa jijih angger ana sing wuwur. Kudu milih calon-calon sing genah-genah apik tur maen budi pekertine, kapasitas lan kualitase, uga sing akeh darmane. Dewek uga kudu melu mbantu calon mau ben kepilih. Ben ngemben anggere deweke wis jagong bisa dadi pemimpin-pemimpin sing maen kaya sing dekarepna rakyate. Aamiin Kesuwun ya luur, moga ana manfangate. Klilaaan


Selengkapnya
97

#Ngecebres : Setaun corona, kowe gagean lunga

Kulanuwun, priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh. Aamiin   Luur, dewek tholi wis kesel banget ya, wis bebeh banget. Uripe apa-apa debatasi lan akeh sing kudu deilari. Rep dolan, gawe acara, hajatan, dodolan, kerja lan apa bae debatasi ora kaya ganu sing serba bebas. Jerene nek pengin sehat, ora kena corona, kudu gatekna 5N, nganggo masker, ngumbah tangan, njaga jarak paling ora semeter, ngadohi umpyek-umpyekan lan nyuda lelungan.   Pengin hiburan, nonton ebeg, nonton wayang, nonton orjenan lan liane kabeh delarang. Pengin nonton film, bioskope urung olih buka. Sekolah-sekolah lan kampus-kampus kabeh esih pada tutup. Bocah-bocah sekolaeh kang ngumah, sekolaeh online sing merekna wong tuweane pada kaku odol lan gubes dewek. Bocahe sing sekolah, rama biyunge melu repot lan mumet. Udu mung kudu tuku HP anyar lan kuota, ningen kudu ngancani anake sekolah, marahi lan garapna tugas-tugase. Jian ngrepote pisan.   Awal-awale ana corona, nlangsani lan mbingungi. Pirang-pirang dalan utawa gang neng desa lan kota pada detutup. Arep ngendong gone kanca utawa sedulur kudu muter-muter mergane akeh dalan sing detutup utawa lockdown lokal. Dalan sing debuka bae dejaga ketat, ana pemeriksaan, pitakonan lan kudu desemprot disinfektan kaya nyemprot hama.   Masjid, mushola lan panggonan sembahyang liane pada kon detutup. Kabeh sembahyang kudu neng umah. Jumatan neng masjid ora olih deanakna. Wulan puasa sing biasane mesjid lan mushola ramai, dadi amleng, sepi nyenyet. Trawehan, ngaji lan nderes Quran kabeh neng umah dewek-dewek. Lewih nglangsani maning, sholat idul fitri sing biasane ramai banget neng masjid utawa lapangan, delarang. Badaan ampyang pisan, ora ana bedane karo dina liane. Badaan ora ana wong mudik, ora ana wong pada silaturahmi, ora ana kiriman parcel lan ora ana bocah-bocah sing pada bungah mergane nampa amplop.   Uga lewih nlangsani ewonan calon jamaah haji, umure wis tuwa-tuwa, ngenteni depanggil mangkat haji wis puluhan taun, kabeh wis pada bayangna gutul ngarep Ka'bah neng Mekkah, cempulek jebul Pemerintah Arab Saudi ora nrima jamaah haji merga ana corona.   Wektu kuwe, uga akeh wong sing babar blas ora wani metu umah, contone tanggane inyong, ora wani metu umah blas, mulane tuku sembako lan apa-apa borongan nggo sewulan. Awal-awale corona uga akeh kabar, jerene nek pengin sehat ora ketularan virus corona kudu nganggo masker, hand sanitezer lan deakehi nginum vitamin C. Gawe wong pada panik lan bingung kabeh. Ningen kondisi mau kuwe nyatane ana bae wong sing tegel lan mikir awake dewek. Ngunggahna rega-rega seporete. Masker sing biasane sekotake mung patangpuluh ewu, bisa mundak dadi limangatus ewu malah ana sing adol sejuta. Rega wis duwur seporete bae neng apotik lan toko-toko langka pisan barange. Hand sanitizer lan vitamin C uga nasibe pada, regane duwur pisan lan langka barange.   Pageblug virus corona nglumpuhna pirang-pirang sendi kehidupan. Pendidikan, ekonomi, politik, sosial budaya lan agama kabeh kelimpungan. Dodolane sepi, usaha bangkrut, kerja pada de PHK. Warga sing mlarat susah tambah mambrah-mambrah.   Virus corona neng Indonesia wis setaun, deetung pas Pak Presiden Jokowi ngumumna ana loro pasien pertama sing positif kena virus corona, tanggal 2 Maret 2020. Loro pasien kuwe warga Depok, jenenge Ibu Maria Darmaningsih (64 th) lan anak wadone Sita Tyasutami(31th), sing ketularan sekang wong Jepang. Critane Sita duwe kanca wong Jepang, pas acara valentine, 14 februari 2020, Sita karo kancane mau pada dansaan. Let ora suwe dekabari neng wong Jepang mau deweke kena virus corona. Akhire Sita lan ibune uga kena virus corona.   Brarti dina siki kiye, tanggal 2 maret 2021 ulang taune ping sepisan corona Indonesia. Yen biasane ulang tau kuwe dongane mogaha dawa umure lan lestari...ningen khususon corona beda. Selamat ulang taun corona, mogaa kowe enggal lunga, merad sekang alam dunya haaaaa. Aamiiin.   Kesuwun ya luur. Klilan


Selengkapnya
99

#Ngecebres: Banyumas Ulang Taun

Kulanuwun, priwe kabare luuur? muga sehat waras bregas. Aamiin   Luur, pangapurane, seri ngecebres pemilu lan demokrasi tek selingi ulang taun Banyumas ya. Mbok ndarani wagu, wong kabupatene lagi ulang taun koh ora melu-melu ngramekna. Tanggal 22 februari 2021 siki umure wis 450 taun. Nek sedurunge ulang taune saben tanggal 6 april, brubah dadi tanggal 22 februari kawit taun 2016.   Salah sijine dasare sekang Babad Kalibening, naskah babad paling tua debandingna naskah-naskah liane. Miturut Babad Kalibening mau, dina kemis wage utawa rabu pon sore tanggal 27 Ramadhan 978 H utawa 22 februari 1571 M, Raden Joko Kahiman sowan Sultan Pajang nggawa upeti, neng Sultan Hadiwijaya deweke deangkat dadi Adipati Wirasaba VII, ganteni mertuane Adipati Wirasaba VI sing duwe gelar Wargo Utomo I.   Tes deangkat dadi Adipati Wirasaba, Raden Joko Kahiman banjur mbagi wilayah Wirasaba dadi papat. Debagi maring sanak kadange utawa ipar-ipare. Mulane Raden Joko Kaiman kondhang asmane dadi Adipati Mrapat, sebabe mbagi wilayahe dadi papat. Papat wilayah kuwe endi bae?   1. Wilayah Banjar Pertambakan dewekenna meng Kyai Ngabehi Wirayuda 2. Wilayah Merden dewekenna meng Kyai Ngabehi Wirakusuma 3. Wilayah Wirasaba dewekenna meng Kyai Ngabehi Warga Wijaya 4. Raden Joko Kahiman pindah sekang Wirasaba maring wilayah Kejawar lan mbangun kadipaten anyar sing jenenge Kadipaten Banyumas.   Sekang crita mau kuwe cetha wela- wela, menawa pendiri Kabupaten Banyumas kuwe wong sing luhur budine lan kudu deconto sifate. Raden Joko Kahiman duwe sikap loman, awehan, welas asih lan ora mbrangas. Mbagi wilayah kekuasaane sing amba banget dadi papat. Debagekna meng ipar-ipare. Ben kabeh kompak lan akur, sanajan biyen pas rembugan mangkat Pajang wis pada nunggal karep utawa sepakat menawa Raden Joko Kahiman deangkat dadi adipati ora olih pada iri.   Sifat sing luhur liane, Raden Joko Kahiman kuwe sugih wani utawa kendel, wani natagi akibate. Ngerti menawa sowan meng Pajang kuwe resikone bisa bae depateni kaya mertuane. Ningen merga kudu mikul duwur Kadipaten Wirasaba, deweke wani mangkat Pajang. Raden Joko Kahiman uga pribadi sing tangguh, tayoh lan bapak pembangunan. Alas Mangli sing esih rungkud banget, gung liwang liwung, uga rawa-rawa debabat lan debangun dadi pusat pemerintahan Kadipaten Banyumas.   Kanca-kanca wis ngerti mbok, kenangapa jenenge Banyumas? Sebenere pirang-pirang versi critane ya, salah siji versi nyritakna biyen sedurunge dadi Banyumas kuwe jenenge Kadipaten Selarong.   Critane wektu kuwe Kadipaten Selarong lagi garing njengking. Sumur, kali, tuk kabeh garing, ora metu banyune blass. Ndilalah ana wong asing, sekang adoh teka meng wilayah Selarong. Merga sikap lan polahe nganeh-nganehi lan ngundang curiga, wong asing mau detangkap banjur dejeblosna meng penjara. Pas dejeblosna meng penjara mau, langite dadi peteng dedet, bress udan gede pisan. Saking senenge ana udan, akeh wong sing pada metu umah udan-udanan karo ngorong-ngorong banyu-banyu, ana liane sing udan-udanan ngorong-ngoronge emas-emas. Tembung banyu karo emas degabungna dadine banyumas, lan jeneng mau denggo genteni jeneng Selarong.   Sebenere ya luur, angger ngecebres bab Banyumas kuwe akeh banget sing bisa deomongna ya. Akeh crita sing gawe mongkog atine dewek luur.   Contone sedurunge ana kerajaan-kerajaan neng Jawa, neng wilayah Banyumas wis ana Kerajaan Galuh Purba. Kerajaan paling kuna sing manggone neng Gunung Slamet. Sekang Kerajaan Galuh Purba mau nyebar meng ngetan dadi ana Kerjaan Kalingga, meng ngulon ana Galuh Kawali sing ngembene dadi Kerajaan Pajajaran. Dadi sekang Banyumas mau nurunna raja-raja sing neng wilayah Jawa.   Uga ana crita, sedurunge anane dadi Kadipaten Banyumas, biyene wis ana Kadipaten Pasir Luhur malahan ana sing ngomongna Kerajaan Pasir Luhur. Wingi-wingi malahan ana wong crita, neng wilayah Banyumas biyen ana Kerajaan Bonokeling.   Artine neng Banyumas kuwe wis awit kuna mengkuna wis ana pemerintahan lan kabudayaan. Crita kerajaan lan kabudayaan kuna neng Banyumas in syaa Allah arep tek ngecebresna ngemben bae ya.   Sing gawe mongkog liane, neng sejarah Indonesia jere Indonesia dejajah lawase 350 taun, ningen Banyumas dejajah mung suwene 115 taun. De etung sekang detangkape Pangeran Diponegoro taun 1830. Critane, Landa nempuhna biaya perang Jawa sing jumlahe 90.000 Gulden kuwe meng Keraton Surakarta. Ningen Keraton Surakarta ora duwe banda nggo bayar ganti rugi mau, akhire aweh wilayah Banyumas meng Landa nggo ganti rugi. Wiwit taun 1830 mau, Banyumas dejajah neng Landa.   Sekang Banyumas uga akeh pahlawan lan tokoh-tokoh nasional sing kondang. Awit zaman kuna gutul siki ya ana.   Selamat Hari Jadi Banyumas ke 450, mogaha tambah sejahtera rakyate, aman wilayahe, nyaman asri suasanane. Greget ulet Gregah Sumringah nglawan Covid-19.   Kesuwun ya luur. Klilaan.


Selengkapnya
106

#Ngecebres: Kontrak Politik

Kulanuwun, priwe kabare luuur? muga sehat waras bregas. Aamiin Inyong arep nerusna ngecebrese wingi babagan pemilu. Akeh kanca-kanca sing pada ngresula, mergane pemilu lan pilkada wis kopang kaping saben limang taun sepisan, ningen nasibe ajeg bae, tetep susah. Ana kanca sing dadi tukang becak crita jere wis nyoblos pemilu ping papat, tetep ajeg bae dadi tukang becak. Ana kanca usaha dadi PKL wis melu pemilu ping 5, tetep ajeg bae dadi PKL.   Sing dadi kuli bangunan, ajeg dadi kuli. Sing dadi tani, ajeg bae dadi tani. Sing nyambut gawene srabutan, esih bae srabutan nyambut gawene lan sepiturute lah pokoke clala clolo. Intine kanca-kanca pada ngresula, deneng pemilu pilkada bolak balik ora ngrubah kondisi uripe, tetep susah, tetep mlarat lan ndoresani.   Iya lur, pancen ora ana kaitane langsung pemilu lan pilkada karo kesejahteraan rakyat. Ningen sing ana kaitane kuwe karo calon sing depilih utawa njagong. nek calon sing depilih utawa njagong mau kuwe calon sing programe apik, pinter, amanah lan gelem mikirna nasib rakyate, nembe nasib rakyate brubah, dadi sejahtera.   Bisa bae tetep dadi tukang becak, nanging esih bisa nempur, bisa nyekolahna anak, kesehatan dejamin, papan panggonan layak. Bisa bae esih dadi tani, nanging ana jaminan bibit sing apik, golet pupuk lan obat hama gampang tur murah, asil tanine melimpah. Bisa bae ajeg usaha PKL, nanging debantu trukah lan ora degusur tempat usahane. Bisa bae ajeg dadi karyawan, nanging aman nyaman, ana jaminan ora gampang de PHK. Bisa bae ajeg dadi tukang deres, nanging rega gula dejamin maen, ana asuransi lan jaminan kesehatane. Pegaweane ajeg, ningen uripe sejahtera, aman lan nyaman.   Lamona priwe carane? Kuncine kuwe neng njerone pemilu kudu ana kontrak politik, kesepakatan antarane si calon karo pemilih (inyong lan rika pada) sing isine nggo kapentingan wektu sing dawa, perbaikan sistem. Udu deenggo sing sepele kaya bagi-bagi kaos, krudung, sembako utawa wuwur. Babagan bagi-bagi sembako, krudung, duwit utawa wuwur kuwe mlebune money politik sing delarang neng agama lan negara.   Inyong wingi wis ngecebres pirang-pirang, yen money politik utawa wuwur kuwe merekna calon sing dadi utawa njagong ora kober mikir rakyate, sebabe duwite wis enthong akeh pisan, wajar lan lumrah mikire priwe balek trukaeh lan ana kasile dadi pejabat.   Perbaikan sistem kuwe contone biaya sekolah lan kesehatan gratis, golet gawean gampang, ana rasa aman usaha ora degusur, subsidi pupuk nggo tani, asuransi kesehatan, jaminan ora de PHK, perbaikan sarana lan prasarana, irigasi pengairan, perhatian maring agama lan budaya, manula lan wong sing ora duwe ora ngasi kapiran uripe. Lan lia liane.   Pemilih sing tandatangan mau kuwe bisa makili ormas, komunitas, paguyuban, kumpulan utawa liane. Sing demaksud calon kuwe calon legislatif lan calon pimpinan pemerintahan/kepala daerah. Kontrak politik kuwe wujude komitmen pemilih arep mbantu, ndukung lan nyoblos si calon, lan calon sing depilih duwe komitmen utawa janji yen wis njagong arep usaha priwe carane ben gawe rakyat sejahtera lan nasib anggota komunitas/kelompok masyarakat mau dadi lewih apik. Dadi si calon ora perlu ngetokna duwit pirang-pirang gole nggolet bithing, mung garine yen wis njagong usaha kanthi nemen mujudna janji-janji sing wis desepakati neng njerone kontrak politik mau.   Dadi sing jenenge kontrak politik kuwe lewih bermartabat, lewih terhormat debandingna money politik. Yen money politik kuwe paling nampane seket ewu utawa satus ewu, sedina rong dina wis enthong manfangate. Ningen angger kontrak politik kuwe manfangate derasa suwe, taunan lan akeh sing ngrasakna gutul bisa bae anak putune. Wis paham ya lur, mbok lewih maen kontrak politik? Kontrak politik kuwe bermartabat lan hebat. Bisa njawab dadi solusi urip neng masyarakat, dadine ora ana maning sing ngresula bolak balik pemilu lan pilkada, deneng uripe ajeg susah lan ndoresa.   Mesti rika kepikiran, nek calon tes dadi kelalen karo janjine utawa isi kontrak politike, priwe carane gole nagih? Sedurunge kanca-kanca pada gawe kontrak politik karo si calon, kudu kanca-kanca nyeleksi, priwe rekam jejake, priwe pergaulane, maen apa ora akhlak budine, pinter apa ora lan sepiturute. Ora waton kontrak politik karo sembarang calon. Lamona si calon mau wis njagong, kanca-kanca tugase urung rampung. Gari ngemutna lan ngawal calon mau sing wis dadi, sering desowani neng umahe apa kantore. Dekancani lan derewangi apa sing dadi alangane utawa masalahe. Ningen angger detemoni angel utawa ngindar bae, rika gari njaluk tulung wartawan kon wartakan kontrak politike utawa rika pada nemonine si calon mau gawa kanca sing lewih akeh, istilahe dedemo. In syaa Allah nek wes akeh sing ngomongi utawa wartakna toli calon sing wis njagong mau dadi kemutan lan gumegrah gole usaha netepi janjine.   Ana warta wulan wingi januari 2021, ya kuwe Wali Kota Frontera Comalapa neng Meksiko genah-genah ingkar janji kampanyene, neng rakyate dejikot sekang kantore njur dejiret neng wit nggo tontonan wargane. Ana maning warta tahun 2019, Wali Kota Las Margaritas, esih neng meksiko sing ngingkari janjine, uga deukum neng rakyate, debopong kang umah, delebokna pick up lan deputer-puterna kota nggo tontonan wargane. Kuwe neng Meksiko ya luur, angger neng Indonesia tah beda..ora kaya kuwe mbok heee. kesuwun ya luur. Klilan.


Selengkapnya
99

#Ngecebres: Pemilu Penting Apa Ora Ya?

Luurr..priwe kabare? Moga pada sehat, waras bregas. Aamiin Pangapurane ya lur, Mandan telat gole ngecebres. Soale hp ne inyong lagi rusak, mati ti. Siki ya esih ajeg mati ti hee. Yen kanca batir rep goleti inyong, nglintung bae meng kantor apa meng umah ya. Nanging yen pengin ngobrol online bisa bae nganggo mesengger fb ya Luur, wingi kae inyong ngecebres babagan politik, politik njeleih apa ora kuwe gumantung dewek pada. Dina siki inyong arep ngecebres babagan pemilu (pemilihan umum). Ben ngecebrese ana alure. Dadi pas karo tujuane inyong ngecebres salah sijine nggo pendidikan politik Luur, dewek kiye urip bebrayan neng masyarakat, toli butuh wong sing bisa ngurusi lan ngatur kapentingan urip bebrayan mau. Sekang wong pirang-pirang warga, ora kabeh kon ngurusi lan ngatur, nanging kudu ana sing depasraih babagan mau. Mbok kaya kuwe? Banjur carane milihe priwe? Carane milih wong sing depasraih ngatur kapentingan masyarakat mau yaiku liwat pemilu (pemilihan umum). Pemilu kuwe metode utawa cara sing sah/legal inyong rika pada milih wakil rakyat (legislatif) lan pimpinan pemerintahan (eksektutif). Pemerintahan lan wakil rakyat mau kuwe sing kon ngurusi lan ngatur kapentingan urip bebrayane neng masyarakat, ben uripe pada sejahtera, aman lan damai.</div> Pemilu uga wujud kedaulatan rakyat. Rakyat, inyong rika pada, diregani utawa diajeni, uga bebas lan duwe kuasa. Arep milih sapa, calon wakil rakyat/kepala daerah sing kaya ngapa, kuwe suka-suka rika pada. Nanging kudu deemut-emut, neng wektu pemilu kuwe, akehe calon sing apik dadakan. Calon sing biasane umuk, dadi andhap asor. Sing ora sregep sembahyang, dadi keton alim. Sing maune kondang kumede, pelit tur medit dadi loman. Intine dadi wong apik kabeh, margane pengin olih simpatine rika pada. Mulane pinter-pintere rika pada gole milih calon. Aja ngasi ketipu utawa kelombo calon sing ethok-ethok mau Pemilu uga tegese cara nggo ngevaluasi partai politik, pimpinan pemerintahan lan wakil rakyat. Yen sajrone njabat wingi-wingi kae, pada ngrumat lan kober mikir nasib rakyate, nyambut gawene apik lan manfangati, pas pemilu pejabat kuwe mau denei ganjaran, carane depilih maning. Denei wektu kon njabat maning. Kosok baline, yen pas njabat wingi kae pada goli dadi pejabat ora apik, mikir awake dewek, ora mikirna rakyate, korupsi lan sapiture, neng pemilu kae pada deevaluasi, dinei ukuman, carane aja depilih maning Kuwe mbok, cempulek pemilu penting banget. Nemtokake nasibe inyong lan rika pada. Kasile pemilu kudune gawe uripe inyong lan rika sejahtera, cukup sandang pangan papan, waras bregas ora kurang beras, bisa nyekolahna bocah, gampang golet gawean, urip aman ora sumelang lan sapiturute. Dadi biaya sing gede banget gole nganakna mbarang gawe pemilu kuwe sumbut karo kasile Masalaeh, wis bolak balik pemilu, saben 5 taun milih Presiden/wakil presiden, DPR, DPD, DPRD, Gubernur/wakil gubernur lan Bupati/wakil bupati nanging urip inyong rika pada esih ajeg ndoresani. Kahanane kaya kuwe mau, mesti ana sing keleru lan gawe rusake pemilu. Pirang-pirang sing merekna pemilu dadi kasile ora pas karo tujuane Contone merga keleru gole milih calon. Kaya ngecebrese inyong anding wingi kae, akeh-akehe pada milih calon kuwe udu kualitase, udu merga darmane, udu merga budi pekertine. Nanging milih calon sebab duwite, sebab wis nampani wuwur. Yen calon metu duwite akeh, mbok dadi lumrah lah yen wis njagong mikire priwe carane balik modale. Mikire priwe gole nutupi utange. Mikire priwe carane ben ana kasile dadi pejabat. Njur ora kober gole mikir rakyat. Mbok kaya kuwe Sing ngrusak pemilu liane, akeh fitnah lan warta sing ngala-ngalakna calon pathing sliweraan neng medsos lan internet. Kudune dewek bisa nyaring warta-warta mau. Apa warta sing detampa kuwe bener apa ora. Nanging biasane, yen nampa warta langsung percaya lan melu-melu nyebarna. Dadi akeh banget calon sing asline apik lan kualitase maen pada ruwag, ora kepilih margane warta lan fitnah mau Intimidasi utawa amang-amang meng pemilih sing arep nyoblos uga mlebu sebab dadi pemilu kasile ora pas karo tujuane. Akeh pemilih sing niate arep milih wong apik, sing cocok karo atine dewek, merga olih amang-amang utawa intimidasi dadi owah pilihane. Ora sida milih wong apik, nanging pilihane nuruti karepane wong sing amang-amang   Mulane dewek pada yen pengin uripe sejahtera, ben ora ndoresani maning, wiwit siki deemut-emut mengko yen ana pemilu utawa pilkada kudu wani nolak wuwur, kudu bisa nyaring warta sing pathing sliweran, kudu wani nglawan meng sapa bae sing amang-amang. Sebabe yen keleru milih, rekasane urip udu mung sedina rong dina tapi bisa taunan   Kaya kuwe bae ya luur. Maturnuwun. Klilaan


Selengkapnya
110

#Ngecebres: Kenangapa politik njeleih?

Luur..koe mesti kangen karo inyong ya? Kangen ngecebrese. Pangapurane ya, wingi inyong ngecebrese dawa kaya ula hee.   Luur, inyong lan rika ya pada, melu grup WA pirang-pirang. Ana grup alumni, grup motivasi, grup jual beli, grup ngaji, grup aspirasi  lan grup lia liane. Pokoke akeh lah. Inyong ya melu grup neng FB. Sing dadi merekna inyong nggrentes utawa ngganjel neng atine inyong, neng grup-grup mau kuwe ana aturan sing nglarang aja ngomong babagan politik. Kayane admin lan anggota grup mau nganggep politik kuwe ora apik, jijiih, jeleh utawa  alergi.   Jere kanca-kanca mau, politik kuwe identik karo konflik, gawe kisruh, gawe bubrah seduluran/kekancan, rebutan jabatan, mbrangas, korup, mikirna wudeledewek tok, akeh intrik, ora tulus, kejam, semena-mena lan sapiturute.   Apa iya si politik njeleih? Miturute inyong tah ora patia bener anggepan mau. Politik kuwe kaya peso. Gari-gari ne sapa sing nyekel peso mau. Peso bisa deenggo gawean sing apik, uga bisa deenggo sing elek utawa ala. Peso kena nggo rajang kangkung, ngiris tempe, ngonceti apel, nanging peso uga bisa nggo nglarani wong  lan  bunuh diri. Pada bae karo sing jenenge politik. Politik apik lan elek gumantung neng menungsane. Inyong lan rika pada.   Nanging sing kudu dewek emuti ya lur, kabeh urusan neng dunya kiye mesti ana sambungane karo politik. Rega sembako naik, kuwe ana gandeng celenge karo politik. Nrima bantuan covid apa ora, ya ana gandeng celenge karo politik. Akeh wong pada mlarat, angel pahal, mesti ana gandeng celenge politik. Gawe usaha gampang apa ora, kuwe ya ana gandeng celenge karo politik. Rep sekolah gratis, olih beasiswa apa ora, ana gandeng celenge karo politik. Yen dewek pada mriyang, rep priksa, biaya rumah sakite murah, larang utawa gratis kuwe mesti gandeng celenge karo politik.   Malah politik kuwe urusane kawit bayi neng weteng, lairan, dadi bocah, njur gede, mlebu sekolah, nyambut gawe, mbojo,  dadi tua lan pikun gutul matine, kabeh kuwe ana gandeng celenge karo politik. Kuweh mbok, cempulek politik bangeting penting. Politik kudu depikirna ben kepriwe carane ora njeleih,  nanging dadi politik sing maen, sing adiluhung lan manfangati kanggo wong akeh, manfangati kanggo wong sing kaya dewek kiye pada, para blekethir mumet.   Njur priwe carane ben politik kuwe apik, migunani, manfangati? Ya kaya kuwe mau, politik kaya peso,  gumantung sing nyekel sapa, sing nganggo sapa, sing dipasraih ngurusi sapa. Yen sing ngurusi kuwe wong sing apik, maen budi pekertine, duwe welas asih, professional, dadine ya politik kuwe apik lan manfangati.   Bisane dadi politik njeleih mau, akeh andile dewek toli. Kemutan po ra? Yen ana pilihan mbuh pemilu, pilkada utawa pilkades, dewek kuwe orientasine kudu olih duwit. Kudu olih wuwur. Malah ana sing neng kana-kana duwe semboyan, ola uit ola obos. Ora dinei, duwit ora nyoblos.   Nanging yen sing depilih pada mikirna awake dewek, mergane pengin mbalekna modal, rika pada gari grundel, gedumel dewek. Angel gole pahal, sembako larang. Mbayar sekolah bingung, biaya kesehatan munggah terus, urip dadi tambah susah..terus rika pada ngorong-ngorong  jere dadi rakyat ora ana sing mikirna, pejabate mikir awake dewek, ora mihak rakyat, ora ana pengertiane lan sapiturute.   Mbok kaya kuwe? Bener apa beneerr? Mulane nggo pengeling eling awak dewek ya, yen ngemben-ngemben ana pemilihan, aja melik duwit, aja clamit, aja gelem nampa wuwur alias nolak money politik. Aja maning milih calon merga wis nampani duwite. Nanging miliha wong kuwe sebab sing arep depilih wonge apikan, akhlake maen, rekam jejake apik, wis akeh darma lan pengabdiane. Uga sebab wonge pinter lan professional.   Yen sing depilih sebab kaya kuwe mau, in syaa Allah politik Indonesia dadi politik sing maen, migunani lan manfangati. Sebabe sing nyekel politik kuwe wong sing gelem mikirna rakyate, sing amanahlan  profesional. Politik kuwe apik, prosese kudu apik lah hasile kudu apik tur manfangati.   Wis lah gole ngecebres, wis mandan aor.   Maturnuwun ya luur. Klilaan.


Selengkapnya