#Ngecebres: Kenangapa politik njeleih?

Luur..koe mesti kangen karo inyong ya? Kangen ngecebrese. Pangapurane ya, wingi inyong ngecebrese dawa kaya ula hee.

 

Luur, inyong lan rika ya pada, melu grup WA pirang-pirang. Ana grup alumni, grup motivasi, grup jual beli, grup ngaji, grup aspirasi  lan grup lia liane. Pokoke akeh lah. Inyong ya melu grup neng FB. Sing dadi merekna inyong nggrentes utawa ngganjel neng atine inyong, neng grup-grup mau kuwe ana aturan sing nglarang aja ngomong babagan politik. Kayane admin lan anggota grup mau nganggep politik kuwe ora apik, jijiih, jeleh utawa  alergi.

 

Jere kanca-kanca mau, politik kuwe identik karo konflik, gawe kisruh, gawe bubrah seduluran/kekancan, rebutan jabatan, mbrangas, korup, mikirna wudeledewek tok, akeh intrik, ora tulus, kejam, semena-mena lan sapiturute.

 

Apa iya si politik njeleih? Miturute inyong tah ora patia bener anggepan mau. Politik kuwe kaya peso. Gari-gari ne sapa sing nyekel peso mau. Peso bisa deenggo gawean sing apik, uga bisa deenggo sing elek utawa ala. Peso kena nggo rajang kangkung, ngiris tempe, ngonceti apel, nanging peso uga bisa nggo nglarani wong  lan  bunuh diri. Pada bae karo sing jenenge politik. Politik apik lan elek gumantung neng menungsane. Inyong lan rika pada.

 

Nanging sing kudu dewek emuti ya lur, kabeh urusan neng dunya kiye mesti ana sambungane karo politik. Rega sembako naik, kuwe ana gandeng celenge karo politik. Nrima bantuan covid apa ora, ya ana gandeng celenge karo politik. Akeh wong pada mlarat, angel pahal, mesti ana gandeng celenge politik. Gawe usaha gampang apa ora, kuwe ya ana gandeng celenge karo politik. Rep sekolah gratis, olih beasiswa apa ora, ana gandeng celenge karo politik. Yen dewek pada mriyang, rep priksa, biaya rumah sakite murah, larang utawa gratis kuwe mesti gandeng celenge karo politik.

 

Malah politik kuwe urusane kawit bayi neng weteng, lairan, dadi bocah, njur gede, mlebu sekolah, nyambut gawe, mbojo,  dadi tua lan pikun gutul matine, kabeh kuwe ana gandeng celenge karo politik. Kuweh mbok, cempulek politik bangeting penting. Politik kudu depikirna ben kepriwe carane ora njeleih,  nanging dadi politik sing maen, sing adiluhung lan manfangati kanggo wong akeh, manfangati kanggo wong sing kaya dewek kiye pada, para blekethir mumet.

 

Njur priwe carane ben politik kuwe apik, migunani, manfangati? Ya kaya kuwe mau, politik kaya peso,  gumantung sing nyekel sapa, sing nganggo sapa, sing dipasraih ngurusi sapa. Yen sing ngurusi kuwe wong sing apik, maen budi pekertine, duwe welas asih, professional, dadine ya politik kuwe apik lan manfangati.

 

Bisane dadi politik njeleih mau, akeh andile dewek toli. Kemutan po ra? Yen ana pilihan mbuh pemilu, pilkada utawa pilkades, dewek kuwe orientasine kudu olih duwit. Kudu olih wuwur. Malah ana sing neng kana-kana duwe semboyan, ola uit ola obos. Ora dinei, duwit ora nyoblos.

 

Nanging yen sing depilih pada mikirna awake dewek, mergane pengin mbalekna modal, rika pada gari grundel, gedumel dewek. Angel gole pahal, sembako larang. Mbayar sekolah bingung, biaya kesehatan munggah terus, urip dadi tambah susah..terus rika pada ngorong-ngorong  jere dadi rakyat ora ana sing mikirna, pejabate mikir awake dewek, ora mihak rakyat, ora ana pengertiane lan sapiturute.

 

Mbok kaya kuwe? Bener apa beneerr? Mulane nggo pengeling eling awak dewek ya, yen ngemben-ngemben ana pemilihan, aja melik duwit, aja clamit, aja gelem nampa wuwur alias nolak money politik. Aja maning milih calon merga wis nampani duwite. Nanging miliha wong kuwe sebab sing arep depilih wonge apikan, akhlake maen, rekam jejake apik, wis akeh darma lan pengabdiane. Uga sebab wonge pinter lan professional.

 

Yen sing depilih sebab kaya kuwe mau, in syaa Allah politik Indonesia dadi politik sing maen, migunani lan manfangati. Sebabe sing nyekel politik kuwe wong sing gelem mikirna rakyate, sing amanahlan  profesional. Politik kuwe apik, prosese kudu apik lah hasile kudu apik tur manfangati.

 

Wis lah gole ngecebres, wis mandan aor.

 

Maturnuwun ya luur. Klilaan.

Bagikan:

facebook twitter whatapps

Dilihat 110 Kali.