#NGECEBRES

189

#Ngecebres: Wedi Ilang

Kulanuwun. Kepriwe kabare luur? Moga sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin Luur, nding wingi kae, inyong ngecebres babagan budaya banyumas. Budaya banyumas siki wis ndoresani, nglangsani. Budaya sing adiluhung warisan kaki ninine dewek mbiyen siki wis kapiran. Wong banyumas siki akeh-akehe wis ora nganggo basa banyumasan, cah-cah nom wis ora ngerti basane biyung, sing ngerti basane wis ora krasa bangga maning. Ningen mandan desyukuri, pemerintah wis ana perhatiane. Pemerintah wis ngetokna aturan, ben dina kemis neng kantor-kantor, neng sekolahan, uga pas acara-acara pemerintahan kudu nganggo basa banyumasan.   Neng babagan kesenian tradisional khas banyumas malahan nasibe lewih ndoresani. Kesenian khas banyumas sing cacahe lewih kang seket mau, siki wis akeh sing meh ilang. malahan ana sing wis ilang. Siki nggoleti kesenian mau, angele pol, kaya nggolet dom neng tumpukan pari. Nggoletine ndadak muter-muter desa, blasak blusuk gopak,  takon nganah ngeneh, endi panggonane kesenian mau sing esih ana. Nggoleti pelaku seni kesenian mau uga ora gampang, merga nek ana sing gelem ya mung siji loro tok. Sing uga nglangsani, akeh wong banyumas wis pada ora ngerti kesenian mau. Jajal rika takon meng cah nom siki, eh ra sah cah nom ding, meng kanca sepantarane rika bae, apa ngerti sing jenenge menorek, gondolia, muntiet,dhames, bongkel? Mesti jawabe ora ngerti, ora tau nonton. Wong wingi kae inyong ngecebres neng fecebook babagan kesenian banyumas, pirang-pirang jeneng kesenian banyumas,  akeh kanca batir sing ngomong jere nembe tau krungu. Ana maning  sing ngomong jere biyen pas cilikane tah tau nonton, ningen siki wis telung puluh taunan ora tau krungu apamaning nonton. Kuwe mbok, kesenian tradisional khas banyumas ndoresani pisan.  Babagan budaya liane, contone panganan khas banyumas. Cah-cah siki ngertine panganan khas banyumas kuwe mung mendoan, gethuk goreng lan soto sokaraja. Kejaba panganan mau, sebenere pirang-pirang panganan khas banyumas, contone tumpeng bosok, awug-awug, buntil, themplek, kampel, penjorangan lan akeh lia liane. Panganan khas banyumas mau uga siki wis langka pisan. Luur, budaya banyumasan liane sing wis langka ya kuwe dolanan bocah. Bocah-bocah siki ngertine mung game-gamean. Dewek wis ora tau tumon cah-cah siki dolanan dir-diran, panggang, lithong, gobag sodor, strimingan, egrang, tung-tung-balung, kom-koman, sentlupan lan sepiturute. Dolanan-dolan khas banyumas mau kuwe kejaba merekna bocah sehat, tangkas, uga nglatih bocah-bocah kon jujur, gotong royong lan guyub rukun. Ora kaya dolanan bocah siki kae, mung dadekna bocah sing egois, ora urus kanca lan karo tengen kiwene.  Luur, merga kahanan budaya banyumas kaya kuwe mau sing ndoresani, meh ilang. Inyong lan kanca-kanca priatin lan wedi budaya banyumas ilang, wedi nek mung gari crita kang kaki ninine thok. Mulane inyong lan kanca-kanca wis miwiti gendu-gendu rasa, rubungan, jagongan, rembugan priwe carane ben budaya banyumas lestari. Kanca-kanca mau ngumpul bareng neng wadah forum komunikasi budaya banyumas (forkom) budaya banyumas. Wadah ngumpul bareng, gendu-gendu rasa lan silaturahmi. Forkom kuwe anggotane pegiat seni lan wong sing gelem nguri-nguri kesenian khas tradisional banyumas, contone kang gondolia, menorek, pakeongan, begalan, ebeg, lengger, ronggeng, angguk, aksi muda, dalang jemblung, rengkong, gubrag lesung lan lia-liane. Kejaba ngumpul neng forkom, kanca-kanca mau uga gawe yayasan oemah budaya banyumas. Mergane pengin ana legale, disahna lan deakui neng pemerintah. Oemah budaya banyumas mau wis denotarisna. Wis ana surate sekang menteri Hukum lan HAM negara Republik Indonesia. Sing mandegani yayasan mau kuwe ya kanca-kanca pegiat seni lan budaya banyumas. Contone kang agung dalang jemblung, kang atien begalan, kang semi angguk, kang riki ebeg lan lia-liane. Uga ana wong pemerintahan sing mbantu neng yayasan mau.  Umah budaya kiye degawe tujuane ben budaya banyumas lestari lan jenggirat lan jemeger. Dadi wong banyumas bangga karo budayane. Pirang-pirang program sing wis derencanakna, contone : 1). pendokumentasian lan publikasi kesenian tradisonal. Kanca-kanca umah budaya wis agi mlaku nemoni pelaku kesenian lan dokumentasikna. 2). Panggung bersama pertunjukan kesenian tradisional. Rencanane dadi even taunan. Kabeh kesenian tradisional mau kon pada gentenan manggung. Wektune bisa pirang dina ya ora papa. Tujuane ben warga banyumas bisa nonton, bisa ngerti lan melu nguri-nguri. Pungkasane kesenian mau dadi lestari lan gemebyar neng wilayah banyumas. 3). Uga miwiti ngenalna maning dolanan bocah. Kanca-kanca gawe acara lan ngundang bocah-bocah kon pada teka. Neng kono, dewek marahi lan bareng-bareng dolanan. Mengkoane ben bocah-bocah banyumas ngerti lan melu nguri-nguri dolanan mau, ora mung game-game thok 4). Uga neng babagan panganan. Kanca-kanca umah budaya uga ana pengangen-angen pengin gawe festifal panganan kuna khas banyumas. 5) nguri-nguri basa banyumasan lan ngusahakna basa banyumas dadi mulok neng sekolah. Lan program kegiatan lia-liane. Luur, miturut kanca-kanca,  nguri-nguri kesenian tradisional banyumas ben lestari, salah siji carane mlebu dadi pelajaran neng sekolahan, dadi mulok utawa ekstra kulikuler sekolah. Nek neng sekolahan duwe mulok utawa ekskul kesenian tradisional, dewek bisa yakin, kesenian tradisional kuwe lestari. Neng banyumas ana ewonan sekolahan. Mbok bisa debayangna ya, nek saben sekolahan ana kesenian tradisionale, pegiat seni bisa melu mulang. Sanggar dadi pirang-pirang. Bocah-bocah pada latian. Uga mestine ana perlumbaan. Mbok keton semanger.  Cukup semena bae ya lur. Moga ana manfangate. Ngesuk-ngesuk desambung maning. Aaamin. Kesuwun ya lur. Klilan.  


Selengkapnya
120

#Ngecebres: Wong Banyumas, Ilang Banyumasane

Kulanuwun. Kepriwe kabare luur? Moga sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin   Luur, pangapurane kiye nyong lagi grentes pisan. Jajal depikir ya lur, rika karo nyong mbok wong banyumas asli. Lair, cilik, gede, mbojo neng Banyumas. Golet pahal ya neng banyumas. Rama biyung, kaki ninine uga wong banyumas. Kasarane dewek kuwe wong banyumas satus persen. asli gosli banyumas, banyumas gel. Ningen rika pada krasa apa ora, nek budaya banyumas, warisan adiluhung kaki ninine dewek, siki meh ilang. Siki wong banyumas, bisa dearani wis ilang banyumase.   Contone babagan basa. Siki akehe wong banyumas, wis ora nganggo basa banyumasan, basane nyong lan rika pada. Wong Banyumas wis ora bangga nganggo basane dewek. Ngendong umahe tanggane, kumpulan, arisan, RT an, neng sekolahan, neng pabrik, neng pasar, neng warung lan neng endi-endi panggonan, wis jarang wong sing ngomong nganggo basa banyumasan, rata-rata nganggone basa Indonesia.   Apa maning bocah nom-noman siki, dewek wis angel nemuni bocah sing ngomong lan ngerti basa banyumasan. Jajal rika tes meng anake rika, apa pada ngerti sing jenenge senthong, plenthong, onthob lan conto lia-liane. Tek jamin, wis ora bakalan pada ngerti artine.   Sebenere basa banyumasan kuwe meh ilang, wis kit ganu, merga pirang-pirang sebabe. Salah siji sebabe yakuwe modernisasi. Modernisasi neng ekonomi, teknologi informasi, media sosial, urbanisasi lan lia-liane, merekna basa banyumasan wis jarang deenggo nggo basa pergaulan. Neng umah, neng sekolah, kantor lan endi panggonan, siki nganggone basa Indonesia.   Apamaning nek nonton tivi, film lan sinetron, dewek rasane kesuh banget, mergane sing nganggo basa banyumasan mesti sing dadi babu, wong cere menthe, kasta rendahan liane. Mulane dadi pada minder, nek arep ngango basa banyumasan, mending nganggo basa Indonesia merga wedi debully, dewadani neng kanca liane.   Luur, sebab liane uga pengaruh basa Jawa, basa wetan sing dominan. Neng sekolah-sekolah sing deajarna udu basa banyumasan ningen basa Jawa. Guru sing ngajarna uga akehe wong Wetan. Mulane aja gumun, nek anak-anake inyong lan rika pada dadi ora ngerti lan krasa aneh krungu dialek banyumasan.   Luur, priwe kuwe miturut rika pada? Apa dewek arep meneng bae, ngejorna basane dewek kuwe ilang? Mbok ora rila? Mulane mageh pada gumregah nguri-nguri basa banyumasan. Miwiti maning, ngobrole nganggo basa banyumasan. Neng umah, anake pada dewaraih basa banyumasan. Basa banyumasan kuwe udu basane kasta rendahan, ningen basa sing maen, egaliter, cablaka lan jujur apa anane. Basa sing pas banget deenggo neng urip bebrayan, urip sing guyub rukun, adem ayem kaya adate wong pedesaan.   Luur, budaya banyumas sing meh ilang liane kuwe kesenian khas banyumas. Bocah-bocah siki masa ngertia sing jenenge dhames, biaksi, lengger lan angguk. Ana lewih sekang seket kesenian khas banyumasan sing meh ilang, malahan kayane ana sing wis ilang.   Conto kesenenian khas banyumas, yakuwe: Menorek, Gandaliya, Jemblung, Cowongan, Pakeong, Ujungan, Rodat, Angguk, Aksi muda, Munthiet, Rinding, Buncisan, Rengkong, Baritan, Muyen, Sintren, Bongkel, Gumbeng, Salawatan jawa, Kaster, Dhaeng, Laisan, Macakanda, Dhames, Gubrag lesung, Epleng, Biaksi, Gejog, Ndonding, Emprak, Dhoger, Wirengan, Braen, Krumpyung, Thundan, Ronggeng, Kunclung, Kincar, Jayangker, Begalan, Ebeg, Lengger, lan lian-laine.   Kabeh kesenian mau kuwe siki nasibe ndoresani pisan. Mung sing mandan nasibe apik ya ebeg, begalan, lengger lan ronggeng thok. Liane ora ana sing nanggap. Mulane siki bocah-bocah neng banyumas masa ngertia kesenian mau. Aja-aja rika uga ora ngerti hee.   Mbok eman-eman pisan. Kesenian mau meh mung gari dadi crita tok, crita kang kaki nini. Kesenian khas banyumas mau asline maen-maen pisan, bisa dadi tontonan lan tuntunan. Mergane akeh-akehe ana pengajarane. Beda karo hiburan siki. Nek hiburan sing siki-siki, sing udu khas banyumas, akeh-akehe kuwe anane mung tontonan thok. Ningen ora bisa dadi tuntutan.   Luur, mageh depikir bareng, ikhtiar bareng-bareng, priwe carane ben kesenian mau ora ilang. Bisa dewarisna meng anak putune inyon lan rika pada. Mbok kaya kuwe?   Salah sijine miturute inyong carane, kesenian-kesenian mau, pada detanggap. Kon pada tampil maning. Nek rika pada hajatan, mbaranggawe, kesenian khas mau detanggap. Nek wis akeh sing naggap tholi, kesenian-kesenian mau akeh sing gelem nguri-uri lan akhire bisa lestari.   Luur, cukup loro bae ya, inyong ngecebres babagan budaya banyumas, yakuwe basa lan keseniane bae. Sing liane rika gari takon meng kaki ninine utawa priyayi liane.   Moga ana manfangate. Kabeh, inyong, rika pada lan pemerintah, bisa gumregah nguri-nguri budaya. Mogaa budaya banyumas bisa lestari. Aaamin.   Kesuwun ya lur. Klilan.


Selengkapnya
121

#Ngecebres: Puasa

Kulanuwun   Kepriwe kabare luur? Moga sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin   Alhamdulillah ya lur, dina siki wis puasa. Esih kemutan kan ya lur, puasa taun wingi, dewek kuwe ngibadahe kudu neng umah. sholat wajib, trawehan, nderes qur’an gutul sholat riyane kudu neng umah. Ora ana kultum subuh apamaning pengajian nuzul qur’an. Jian wektu kuwe hawane nlangsani lan mbingungi. Masjid sing biasane ramai nggo ngibadah lan ngaji bocah, dadi sepi nyenyet. Bada sing biasane ramaine poll, uga ora ana bedane karo dina liane. Sepi, ora ana silaturahmi apamaning mercon moni, babarblas ora ana.   Luur, in syaa Allah taun siki beda. Sanajan esih ana pendemi corona, taun siki pemerintah wis ngolihna kegiatan-kegiatan sing sifate jamaah utawa kumpul-kumpul, ningen kudu tetep taat prokes utawa protokol kesehatan. Pemerintah wis gawe edaran babagan puasa taun kiye, yakuwe: deolihna sholat wajib, traweh, nderes, iktikaf neng masjid, ningen jamaahe debatasi paling akeh 50% sekang kapasitase masjid mau.   Uga deolihna buka puasa neng njaba utawa buka bersama, syarate ya pada, sing teka debatasi jumlahe paling akeh 50% sekang kapasitase panggonane. Kuliah subuh lan kultum traweh uga deolihna, wektune paling suwe 15 menit. Uga lia liane. Sholat riaya uga deolihna neng masjid utawa lapangan. Kabeh mau tetep kudu ngugemi protocol kesehatan, pada nggo masker, nyuci tangan, panggonane dedisinfekstan, jaga jarak lan sapiture. Tujuane ben virus corona gagean ilang.   Luur, cempuleke puasa kuwe ibadah sing ana neng kabeh agama, udu Islam thok. Neng agama Budha, puasa kuwe jenenge uposhata, neng Hindu puasa jenenge upawasa, nek neng agama Yahudi puasa kuwe jenenge ta’anit lan nek neng Kristen Katholik jenenge pada yakuwe puasa. Agama konghucu uga ana ajaran puasa. Dadi sing jenenge ajaran puasa kuwe ana neng kabeh agama lan kawit kuna mangkuna. Malahan nek neng Jawa, puasa kuwe werna werna, ana mutih, ngebleng, pati geni, ngeluwang, nyrowot lan lian-liane. Kabeh puasa mau kuwe, beda agama, beda kenyakinan, beda-beda tata carane, beda aturane.   Sanajan beda tatacara lan aturane, ningen umume puasa mau tujuane merek karo sing Gawe Urip, ndandani lair batin, ngilangna sifat-sifat sing ora apik, deganti karo sifat-sifat sing luhur. Ben mengkone dadi priyayi sing luhur budi pekertine, sehat jasmanine, lan kuwat spirituale.   Luur, banjur apa manfangate utawa hikmahe puasa kanggo urip bebrayan neng masyarakat? Miturut inyong ana lima hikmahe :   1. Puasa sifat ibadahe kuwe sing ngerti mung sing nglakoni karo gusti Allah. Ora bisa nglomboni lan api-api. Neng kene delatih kon krasa deawasi terus istilah kerene waskat utawa pengawasan melekat. Nek krasa deawasi neng Gusti Allah mau depraktekna neng masyarakat, sing dadi pejabat ora mungkin wani korupsi, sing dagang ora mungkin wani nglomboni, sing tuku ora wani nyathil lan sapiturute.   2. Puasa kuwe wektune ajeg, wiwit adzan subuh gutul adzan mahrib. Wong sing puasane ora gutul adzan mahrib, ora sah puasane. Dadi puasa mau nglatih ben dispilin lan tertib. Sikap disiplin kiye penting banget nggo urip brayan apa neng pegawean.   3. Puasa kuwe ora mangan lan ora nginum. Nek dewek wetenge kencot lan ngelak, kuwe ben dewek kon bisa krasa kaya ngapa susahe dadi wong ora duwe, wong mlarat sing golet pangan be angel pisan. Tes bisa ngrasakna kaya kuwe, mogaa dewek pada gelem peduli lan mbantu wong susah lan mlarat mau. Nek dadi pejabat, dadi duwe empati utawa peduli, gawe program sing debutuhna neng wong cilik,ya kuwe wong sing ora duwe, wong susah lan mlarat.   4. Puasa kuwe ora olih nglomboni, mitnah, ngalak2na tangga, ngrasani lan sapiturute. Pirang-pirang wong pada gelut, pecah seduluran lan kekancan gara-gara omong sing ora bener. Neng puasa delatih kon njaga tutuke/lisane, merga nek ora bisa njaga, puasane dadi muspro alias sia-sia. Dadi bisa ngati-ngati nek arep ngomong, ngomonge sing apik tok lan ana manfangate. Nek kabeh pada njaga lisane, urip bebrayan dadi ayem, ora pada crah lan tukaran.   5. Puasa kuwe ora olih hubungan. Maksude ben njaga nafsune, ngurangi syahwate. Urip dadi bubrah, morak marik gara-garane nuruti kesenengane, nafsu syahwate. Sing dadi pejabat bisa nglakoni korupsi lan ngragas merga ora bisa ngontrol nafsu syahwate lan ora bisa ngontrol kesenengane. Puasa kuwe ngalih kon sabar lan ngontrol nafsu syahwate, merga nek kaya kiye bisa dekontrol, urip dadi anyem, tentrem tur selamet.   Kuwe lur, nyong mung bisa mbabarna 5 hikmahe, liane rika pada golet dewek utawa takon meng kyaine ya hee.   Kejaba manfangat mau, puasa uga merekna awak dadi sehat, ngurangi kolesterol, gula darah, jantunge sehat lan lian-liane. Mogaa dewek bisa puasa kanthi khusyuk lan bisa ngalakoni ibadah sunah-sunah liane.   Njaluk pangapurane ya lur, selamat ibadah puasa 1442 H. Marhaban ya Ramadlan. Cukup semene bae ya.   Kesuwun. Klilan.


Selengkapnya
122

#Ngecebres : Oligarki

Kulonuwun   Kepriwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin   Luur, rika esih kemutan biyen taun 1998 kae para mahasiswa mudun nggal dina meng dalan, demo nuntut reformasi. Nuntut Soeharto sing wis dadi presiden 32 taun kon liren, nuntut  Indonesia bebas sekang korupsi, kolusi lan nepotisme. Uga nuntut otonomi daerah, cabut Dwi Fungsi ABRI lan Amandemen UUD 1945. Intine mahasiswa lan masyarakat Indonesia njaluk reformasi kuwe ben politik, ekonomi lan sociale dadi lewih apik. Rakyat  Indonesia makmur kabeh, udu mung sing makmur kuwe mung pirang bindhi wong thok. Aja sing makmur kuwe sing perek karo pejabate thok.   Wis meh 23 taun reformasi, ningen tujuan reformasi  sing maen kae gutul siki ora tekan, malahan dadi blabas saya ora genah. Korupsi  ora suda, malah tambah mambrah-mbarah. Dewek meh ben dina krungu warta, polisi, jaksa utawa KPU nangkapi wong sing korupsi. Wis akeh pisan anggota dewan, kepala daerah lan wong pemerintahan sing ketangkep merga korupsi. Korupsi wis mambrah kawit duwur gutul ngisor. Kawit menteri, anggota DPR RI gutul lurah lan perangkat desa.   Reformasi uga gagal mujudna pemerintahan sing resik, apik lan mikirna nasib rakyate. Pilkada utawa pemilihan kepala daerah kuwe salah sijine anake reformasi, sebabe tuntutane reformasi kuwe pengine kepala daerah (gubernur, bupati/walikota ) kuwe udu tunjukan sekang pemerintah pusat utawa depilih mung neng DPRD thok, ningen depilih langsung neng rakyat. Angen-angene mahasiswa lan inyong rika pada pengin melu milih langsung kuwe, ben nyong rika pada duwe kuasa bebas milih calone, ben deregani  lan deperhatikna neng calon, ben bisa milih calon sing dekenal lan desenengi, lan mengkone calon kuwe dadi pimpinan sing mikirna rakyate. Ningen siki apa nyatane lur? Akeh-akehe pilkada sing ana kuwe urung bisa dadekna pimpinan sing deangen-angen neng rakyate, malahan anane pimpinan sing korup, ora amanah lan ora mikirna rakyate.    Rika ngerti mbok kenangapa dadine kaya kuwe? Sebabe pilkada sing uwis-uwis kuwe enthonge puluhan milyar. Nggo daftar dadi calon ana biayane, nggo kampanye lan sosialiasasi  kude metu duwite, gutul kudu mbayari saksi pas coblosan lan rekap penghitungan.  Urung biaya liane sing ora sethitik jumlaeh. Pilkada sing kudune mbangun kualitas demokrasi, malah dadi nggo transaksi antarane elit partai karo pengusaha.  Pengusaha mau kuwe dadi bandar, dadi cukong. Mbayari wragade calon kepala daerah sing maju pilkada.  Rika pada mesti wis paham lah, bandar mau gelem wragadi ora gratis, ana pamrihe, ana motif lan karepe. Pamrihe ben usahane lancar, tambah sugih merga derewangi pengaruhe kepala daerah sing wis dewragadi. Mulane kepala daerah sing wis dadi mau, lewih nggathekna pengusaha-pengusaha mau debandingna nggathekna rakyate. Lewih mikir priwe carane mbales budine meng bandare debandingna mikirna rakyate.   Dewek kuwe wis niteni, nek kepala daerah sing dewragadi para bandar kuwe ora bakalan duwe program sing dadi hajate wong cilik, neng pendidikan misale, baesiswa pendidikan gratis, kartu sehat gratis, bantuan sosial nggo wong mlarat lan ora mampu, subsidi pertanian, bantuan umkm lan sapiturute kabeh dadi kapiran. Padane anane programe, anggaran nggo babagan mau ya mung sepethil thok. Sing akeh anggaran pemerintah kuwe nggo bidang-bidang sing nguntungna pengusaha, sing ana kaitane karo usahane bandare. Biasane akehe pembangunan fisik, sebabe jere sing gampang ethungane lan cash backe. Uga kebijakane kepala daerah mau gawe gampang lan nguntungna nggo bandare, misale ruishlag, ijin pemanfaaatan lahan utawa hutan, sing garap proyek pemerintah ya kuwe pengusaha sing dadi bandar apa kancane lan liane-liane. Akeh lah contone.    Intine sing dadi makmur lan sejahtera kuwe mung pirang bindi wong thok, ya kuwe pengusaha- sing dadi Bandar lan kanca-kancane. Rakyate kapiran, ora kopen lan ndoresani uripe. Ketone nek dedeleng kotane, fisike tah maen lan semanger, ningen kondisi rakyate nlangsani, akeh sing pada mriyang, wong mlarat pirang-pirang, umahe arep pada rubuh, ora duwe gawean, boro-boro mikirna sekolah bocah, nggo mangan esih kangelan.    Kahanan sing kaya mau kuwe, pemerintahan sing desetir neng pengusaha utawa wong sugih-sugih tok, program lan kebijakane anane sing nguntungna bandar thok jenenge oligarki. Oligarki kuwe jelas-jelas nyengsarakan rakyat kabeh. Mulane inyong kro rika pada kudu mikirna kanti nemen priwe carane ben pilkada ora  mung uthek-uthek utawa bolak-balik mung nguntungna pengusaha utawa para bandar. Ningen pilkada sing mengkone nguntungna rakyat kabeh, rakyat pada makmur lan sejahtera.    Luuur, miturute inyong, ana pirang-pirang cara ben pilkada mau bisa nyejahterakna rakyat, utamane kaum blekethir mumet kaya inyong lan rika pada. Siji, dewek pada miwiti ndandani budaya demokrasi neng tingkat desa, pas pilkades kae kan biasane kentel banget adu wuwur, yuh bareng-bareng pas pilkades ora wuwur-wuwuran. Dadi mengko budaya wuwur suwe-suwe bisa ilang, pas pilkada lan pemilu nek ana sing wuwur ora pada doyan, wis krasa jijih emoh nampani.  Nek pilkada mau ora ana wuwur, dadine biaya sing detokna murah, akeh wong sing wani nyalon, udu calon sing sugih utawa dedukung pengusaha thok sing wani maju nyalon.    Kaping lorone, golet calon sing maen, sing wis duwe komitmen nyejahterakna rakyat. Calon sing gelem brayan urip. Calon mau kuwe dedorong, dedukung lan biaya sing detokna degotong bareng-bareng. Nyong lan rika pada bisa gawe bumbung demokrasi utawa jenenge liane ya kena, tujuane nggo madahi sumbangan sekang warga lan kanca-kanca. Bumbung demokrasi kuwe gerakan rakyat nggo nglawan oligarki.  Neng kene kudu ana komitmen bareng-bareng, kudu mempeng usahane nyakinna kabeh warga kon melu gotong royong. Oligarki mung bisa delawan karo inyong lan rika, kaum blekethir utawa wong cili sing gelem gotong royong, sing pada-pada percaya, lan mempeng usahane menangna calon sing dedukung. Kasarane tembung, kudu wani perih lan ora wedi gethih, ora wedi kesel, kabeh mau tujuane ben pikadane luber lan jurdil, mengkone calon sing kepilih bisa mikirna nasib rakyate kabeh. Rakyate pada bombong, makmur lan sejahtera. Aamiin.   Cukup semono bae ya luur, mogaa dewek pada sehat waras ya, dela maing puasa. Kesuwun ya lurr. Klilan.  


Selengkapnya
130

#Ngecebres: Rumah Pintar Pemilu

Kulonuwun. Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin Luur, mbok rika pada minat nyalon, kaya wingi inyong ngecebres kae, rika pada kudu wis miwiti gole sosialisasi, ngendong lan njaluk donga meng sedulur, kanca batir kabeh. Sing ora kalah pentinge, rika pada sing arep nyalon kuwe kudu miwiti ngumpulna data lan informasi kepemiluan contone data pemilihe, data perolehan partai wingi kae, aturan kepemiluan lan data utawa info kepemiluan lian-liane. Jere siki kuwe era bigdata, sapa sing bisa duwe lan ngolah data uga bisa nggunakna data mau, wong sing kaya kuwe sing bisa sukses. Data lan informasi kuwe wis ana kabeh neng kpu banyumas, rika pada mung gari njikot meng kpu utawa neng website kpu banyumas. Lewih afdhole si rika pada meng kantor bae, teka dewek dadi bisa ngopi udud lan dopok karo inyong lan kanca-kanca kpu banyumas heee Luur, kanggo sing pengin ngerti lan ginau babagan kepemiluan, neng kpu banyumas ana sing jenenge rumah pintar pemilu utawa desingkat RPP. RPP kuwe manfangatna ruang khusus nggo pendidikan pemilih lan uga nggo ngumpul kanca-kanca komunitas sing seneng utawa tertarik babagan pemilu. Neng kono kanca-kanca ngobrol, diskusi lan ngrumusna gawean nggo bareng-bareng ningkatna paritispasi pemilih lan kualitas pemilihan. KPU gawe RPP kuwe tujuane kejaba nggo ningkatna partisipasi, uga ben kualitas penyelenggaraan pemilune ningkat. Dadi sing jenenge RPP kuwe deangen-angen, dadi pusat informasi kepemiluan, nggo ndidik warga masyarakat babagan pemilu lan demokrasi, ngenalna nilai-nilai dasar pemilu lan demokrasi, ben demokrasi Indonesia sehat, kuat lan pemilune bermartabat. Luur, RPP kuwe minimal ana 4 ruangan. Patang ruangan kuwe apa bae? 1) Ruang audio visual. Ruang kiye nggo pranti muter film2 pemilu, dokumentasi kepemiluan utawa film sing ana kaitane karo pemilu. Ana pirang-pirang film sing wis desiapna neng kpu banyumas. Contone mbok rika pengin ngerti pemilu jaman kuna, neng kpu wis ana film dokumentasi pemilu taun 1955, orde lama lan order baru. Cocok banget kanggo bocah-bocah sekolah utawa pemilih pemula. Panggonane adem, ana ac ne. 2) Ruang display lan pameran. Neng kene detampilna bahan/alat peraga pemilu, contone brosur, leaflet, poster, maskot, uga bahan sosilaisasi liane. Uga na informasi dinding lan data hasil pemilu. sing kayane langka neng liane, neng KPU banyumas ana permainan edukasi arupa scrabble pemilu lan ular tangga demokrasi. Nek wis lagi pada dolanan ular tangga demokrasi lan scrabble pemilu.. KPU Banyumas ramai banget, pada pathing gentoakan lan gojegan. Pokoke semanger pisan. 3) Ruangan simulasi. Isine maket utawa diorama lan peralatan sing ana neng TPS. Neng kene kanca-kanca muda bisa latian nyoblos. Degawe persis karo coblosan pas pemilu kae. Ana sing dadi petugase, ana sing dadi pemilihe, uga desiapna kabeh peralatane. Ana kotak suara, bilik suara, surat suara, paku tinta uga ana, undangane nyoblos, daftar hadir, papan daftar pemilih, calon sing arep depilih lan pirang-pirang perlengkapan tps ana kabeh pepek. Persis kaya TPS sing neng pemilu. 4) Ruang perpustakaan. Akeh buku-buku kepemiluan, dokumentasi kegiatan sing bentuke kliping, album foto, cd lan uga ana jurnal,majalah lan buletin. Rika mung gari teka, maca-maca, angger arep nyilih ya kena. Kejaba kegiatan neng ruangan mau, RPP KPU Banyumas kuwe duwe pirang-pirang program, contone KPU Visit (KPU Banyumas ngajak anggota DPRD Kab. Banyumas turba nemoni kelompok masyarakat). Neng kono, masyarakat bisa curhat meng anggota dewan sing teka. Dadi aspirasine masyarakat langsung gutul meng wakil rakyat. Uga ana KPU Mengajar, KPU Goes to Campus, Kelas Pemilu nggo masyarakat umum. Lan uga ana Pendidikan pemilih secara online. Pendidikan pemillih kuwe sasaran pirang-pirang segmen, yakuwe segmen pra pemilih, pemilih pemula, perempuan, disabilitas, marginal, keagamaan,warganet lan lia-liane. Luur, pendidikan pemilih kuwe banget pentinge, ben pemilih kuwe paham pentinge pemilu, ben pemilih kuwe bisa dadi pemilih sing cerdas lan berdaulat, ben pemilune kuwe dadi pemilu sing bermartabat, ora ana wuwur2an, ora ana fitnah2an, ora ana gonthok2an, ben sing kepilih kuwe wong sing amanah lan professional, ben demokrasine sehat, dadine rakyat kabeh uripe aman, nyaman, makmur lan sejahtera. Merga pendidikan pemilih kuwe penting, mulane tanggung jawab pendidikan pemiliha kuwe udu mung neng KPU thok, ningen kabeh elemen bangsa, pemerintah, penyelenggara pemilu, partai politik, perguruan tinggi uga organisasi masyarakat sipil liane. Kabeh kudu nyengkuyung, kudu gumregah, gotong royong nyuksesna pendidikan pemilih. Siswa-siswane, mahasiswane, kader partaine, anggota oramase, lan sepiture kabeh kudu denei pemahaman nilai-nilai dasar pemilu, nilai-nilai demokrasi, pentinge pemilu lan lian-laiane ben ngemben titi wancine pemilu 2024, pemilu lan pilkadane lewih apik, lewih berkualiatas lan bermartabat. Demokrasi sehat, pemilih berdaulat, Negara kuat. Pemilu jujur, rakyat makmur. Aamiin. Kesuwun ya luur. klilan


Selengkapnya
469

#Ngecebres: 2024

Kulanuwun. Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin Luur, sepurane ya, kiye inyong esih ngecebres pemilu. Wulan-wulan wingi rika mesti krungu kan, nek arep ana revisi uu pemilu no 7 tahun 2017? Ana usulan arep gawe pemilu nasional lan pemilu lokal utawa pemilu daerah. Pemilu nasional kuwe milih presiden/wakil presiden, DPR RI, DPD RI, DPRD Propinsi lan DPRD Kabupaten, serentak sedina demulai neng taun 2024. Nek pemilu lokal kuwe pemilihan nggo milih gubernur/wakil gubernur, bupati/wakil bupati lan walikota/wakil walikota, usulan rencane bareng serentak neng taun 2027. Mulane ana usulan sedurunge gutul pemilu lokal, pilkada debalikna maning 5 tuanan kaya biasane, yakuwe taun 2022 lan 2023. Contone neng banyumas akhir masa jabatane bupati/wakil bupati 2023, pilkadane yaneng taun 2023. Uu pemilu uga arep derevisi contone babagan parlemen treshold (ambang batas parlemen), babagan pencalonan, larangan calon sing sekang eks HTI lan lia liane. Ningen usulan revisi mau, siki wis mandeg alias decabut sekang prolegnas DPR RI. Siki kiye kabeh wis kompak, pemerintah lan DRP ora nerusna maning rembugan revisi UU. Dadi balek meng aturan awal, yakuwe Pemilu 2024 lan pilkada serentak uga neng 2024, sing bedakna mung beda wulane. Dadi ngesuk taun 2024 ana loro pemilihan, pemilihan umum lan pemilihan kepada daerah. pemilihan umum kuwe nggo milih presiden/wakil presiden, DPR RI, DPD RI, DPRD Propinsi lan DPRD Kabupaten. Nek pemilihan kepada daerah kuwe milih gubernur/wakil gubernur, bupati/wakil bupati lan walikota/wakil walikota. Taun 2024 kuwe pilkadane serentak bareng seluruh Indonesia. Inyong krungu-krungu kabare rencane pemilu neng wulan febrauri utawa maret tahun 2024, angger pilkadane wis mesti wulan nopember 2024. Luur, 3 taun maning pemilu 2024. Sanajan esih 3 taun maing, siki akeh partai sing lagi pada golet jago nggo dadi caleg. Partai pada gerilya, mereki tokoh masyarakat ben gelem dadi caleg partaine. Nek rika arep nyaleg mulai siki siap-siap. Nentukna kira-kira nyaleg sekang partai apa. Ningen sing utama desiapna kuwe niat, kudu delurusna niat. Niate arep nyalon kuwe apa. Aja nyalon kuwe niate golet gawean apa urusan materi tok, ningen kudune niat sing lewih adiluhung yakuwe bekti meng Pangeran lan manfangat urip bebrayan. Nek niate wis lurus kaya mau, mlakune lewih enteng. Malahan kaya ana sing nuntun. Ora gemrungsung. Mergane sadar nek urusan mengkone dadi apa ora kuwe wis dadi takdir. Wis dadi garis nasibe. Tes niate delurusna, gari rika mulai ikhtiar. Mulai gawe jeneng lan darma. Sedulur, kanca lan tangga teparo kudu deapiki kabeh. Mulai ngendong lan dolan nggone kanca batir. Kudu wani kesel dolani sedulur kanca batir. aja pemilu wis perek, rika nembe dolan lan nembung meng kanca. Nek rika wis ngendong ngal dina, wis akeh kanca batir sing detembung lan dejaluki donga, bisa dadi ngurangi ongkos politike. Sebabe rika wis dekenal neng wong akeh. Sebenere nyaleg kuwe udu soal fisik lan niat tok, inyong olih crita sekang kanca-kanca sing nyaleg taun 2019 wingi kae. Kejaba fisik lan nyiapna modal, uga ora kalah pentinge nyiapna mental lan spiritual. Ana pirang-pirang cara utawa laku ben mental lan spirituale ketata. Ningen beda guru beda laku batine. Ana sing puasa ngapit weton, puasa sunah, ziarah meng makam-makam kramat, adus neng sendang utawa sumur kuna, gutul laku sing aneh-aneh liane. Sing penting siji, kudu tetep rasional, kudu laku sing nemu akal. Aja ngangsi saking kepengin dadine rika pada, gadaikna kenyakinan. Lan kudu dekandeli maning, dadi ora rikane pada kuwe wis ana tulise, wis dadi garis nasibe. Rika pada mung gari usaha sing mempeng, lewih perek karo sing gawe urip, ngakehi amal becik. Ra sah kepikiran nyiapna duwit nggo wuwur ya lur. Malah bisa mubah, dadi ora, dunya ilang ora genah. Nek dadi kecatet ora berkah. Mbok kaya kuwe? Kesuwun ya lur, wis aor hee. Klilan.


Selengkapnya