#Ngecebres : Oligarki
Kulonuwun
Kepriwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin
Luur, rika esih kemutan biyen taun 1998 kae para mahasiswa mudun nggal dina meng dalan, demo nuntut reformasi. Nuntut Soeharto sing wis dadi presiden 32 taun kon liren, nuntut Indonesia bebas sekang korupsi, kolusi lan nepotisme. Uga nuntut otonomi daerah, cabut Dwi Fungsi ABRI lan Amandemen UUD 1945. Intine mahasiswa lan masyarakat Indonesia njaluk reformasi kuwe ben politik, ekonomi lan sociale dadi lewih apik. Rakyat Indonesia makmur kabeh, udu mung sing makmur kuwe mung pirang bindhi wong thok. Aja sing makmur kuwe sing perek karo pejabate thok.
Wis meh 23 taun reformasi, ningen tujuan reformasi sing maen kae gutul siki ora tekan, malahan dadi blabas saya ora genah. Korupsi ora suda, malah tambah mambrah-mbarah. Dewek meh ben dina krungu warta, polisi, jaksa utawa KPU nangkapi wong sing korupsi. Wis akeh pisan anggota dewan, kepala daerah lan wong pemerintahan sing ketangkep merga korupsi. Korupsi wis mambrah kawit duwur gutul ngisor. Kawit menteri, anggota DPR RI gutul lurah lan perangkat desa.
Reformasi uga gagal mujudna pemerintahan sing resik, apik lan mikirna nasib rakyate. Pilkada utawa pemilihan kepala daerah kuwe salah sijine anake reformasi, sebabe tuntutane reformasi kuwe pengine kepala daerah (gubernur, bupati/walikota ) kuwe udu tunjukan sekang pemerintah pusat utawa depilih mung neng DPRD thok, ningen depilih langsung neng rakyat. Angen-angene mahasiswa lan inyong rika pada pengin melu milih langsung kuwe, ben nyong rika pada duwe kuasa bebas milih calone, ben deregani lan deperhatikna neng calon, ben bisa milih calon sing dekenal lan desenengi, lan mengkone calon kuwe dadi pimpinan sing mikirna rakyate. Ningen siki apa nyatane lur? Akeh-akehe pilkada sing ana kuwe urung bisa dadekna pimpinan sing deangen-angen neng rakyate, malahan anane pimpinan sing korup, ora amanah lan ora mikirna rakyate.
Rika ngerti mbok kenangapa dadine kaya kuwe? Sebabe pilkada sing uwis-uwis kuwe enthonge puluhan milyar. Nggo daftar dadi calon ana biayane, nggo kampanye lan sosialiasasi kude metu duwite, gutul kudu mbayari saksi pas coblosan lan rekap penghitungan. Urung biaya liane sing ora sethitik jumlaeh. Pilkada sing kudune mbangun kualitas demokrasi, malah dadi nggo transaksi antarane elit partai karo pengusaha. Pengusaha mau kuwe dadi bandar, dadi cukong. Mbayari wragade calon kepala daerah sing maju pilkada. Rika pada mesti wis paham lah, bandar mau gelem wragadi ora gratis, ana pamrihe, ana motif lan karepe. Pamrihe ben usahane lancar, tambah sugih merga derewangi pengaruhe kepala daerah sing wis dewragadi. Mulane kepala daerah sing wis dadi mau, lewih nggathekna pengusaha-pengusaha mau debandingna nggathekna rakyate. Lewih mikir priwe carane mbales budine meng bandare debandingna mikirna rakyate.
Dewek kuwe wis niteni, nek kepala daerah sing dewragadi para bandar kuwe ora bakalan duwe program sing dadi hajate wong cilik, neng pendidikan misale, baesiswa pendidikan gratis, kartu sehat gratis, bantuan sosial nggo wong mlarat lan ora mampu, subsidi pertanian, bantuan umkm lan sapiturute kabeh dadi kapiran. Padane anane programe, anggaran nggo babagan mau ya mung sepethil thok. Sing akeh anggaran pemerintah kuwe nggo bidang-bidang sing nguntungna pengusaha, sing ana kaitane karo usahane bandare. Biasane akehe pembangunan fisik, sebabe jere sing gampang ethungane lan cash backe. Uga kebijakane kepala daerah mau gawe gampang lan nguntungna nggo bandare, misale ruishlag, ijin pemanfaaatan lahan utawa hutan, sing garap proyek pemerintah ya kuwe pengusaha sing dadi bandar apa kancane lan liane-liane. Akeh lah contone.
Intine sing dadi makmur lan sejahtera kuwe mung pirang bindi wong thok, ya kuwe pengusaha- sing dadi Bandar lan kanca-kancane. Rakyate kapiran, ora kopen lan ndoresani uripe. Ketone nek dedeleng kotane, fisike tah maen lan semanger, ningen kondisi rakyate nlangsani, akeh sing pada mriyang, wong mlarat pirang-pirang, umahe arep pada rubuh, ora duwe gawean, boro-boro mikirna sekolah bocah, nggo mangan esih kangelan.
Kahanan sing kaya mau kuwe, pemerintahan sing desetir neng pengusaha utawa wong sugih-sugih tok, program lan kebijakane anane sing nguntungna bandar thok jenenge oligarki. Oligarki kuwe jelas-jelas nyengsarakan rakyat kabeh. Mulane inyong kro rika pada kudu mikirna kanti nemen priwe carane ben pilkada ora mung uthek-uthek utawa bolak-balik mung nguntungna pengusaha utawa para bandar. Ningen pilkada sing mengkone nguntungna rakyat kabeh, rakyat pada makmur lan sejahtera.
Luuur, miturute inyong, ana pirang-pirang cara ben pilkada mau bisa nyejahterakna rakyat, utamane kaum blekethir mumet kaya inyong lan rika pada. Siji, dewek pada miwiti ndandani budaya demokrasi neng tingkat desa, pas pilkades kae kan biasane kentel banget adu wuwur, yuh bareng-bareng pas pilkades ora wuwur-wuwuran. Dadi mengko budaya wuwur suwe-suwe bisa ilang, pas pilkada lan pemilu nek ana sing wuwur ora pada doyan, wis krasa jijih emoh nampani. Nek pilkada mau ora ana wuwur, dadine biaya sing detokna murah, akeh wong sing wani nyalon, udu calon sing sugih utawa dedukung pengusaha thok sing wani maju nyalon.
Kaping lorone, golet calon sing maen, sing wis duwe komitmen nyejahterakna rakyat. Calon sing gelem brayan urip. Calon mau kuwe dedorong, dedukung lan biaya sing detokna degotong bareng-bareng. Nyong lan rika pada bisa gawe bumbung demokrasi utawa jenenge liane ya kena, tujuane nggo madahi sumbangan sekang warga lan kanca-kanca. Bumbung demokrasi kuwe gerakan rakyat nggo nglawan oligarki. Neng kene kudu ana komitmen bareng-bareng, kudu mempeng usahane nyakinna kabeh warga kon melu gotong royong. Oligarki mung bisa delawan karo inyong lan rika, kaum blekethir utawa wong cili sing gelem gotong royong, sing pada-pada percaya, lan mempeng usahane menangna calon sing dedukung. Kasarane tembung, kudu wani perih lan ora wedi gethih, ora wedi kesel, kabeh mau tujuane ben pikadane luber lan jurdil, mengkone calon sing kepilih bisa mikirna nasib rakyate kabeh. Rakyate pada bombong, makmur lan sejahtera. Aamiin.
Cukup semono bae ya luur, mogaa dewek pada sehat waras ya, dela maing puasa. Kesuwun ya lurr. Klilan.