#Ngecebres: Rumah Pintar Pemilu
Kulonuwun. Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin
Luur, mbok rika pada minat nyalon, kaya wingi inyong ngecebres kae, rika pada kudu wis miwiti gole sosialisasi, ngendong lan njaluk donga meng sedulur, kanca batir kabeh. Sing ora kalah pentinge, rika pada sing arep nyalon kuwe kudu miwiti ngumpulna data lan informasi kepemiluan contone data pemilihe, data perolehan partai wingi kae, aturan kepemiluan lan data utawa info kepemiluan lian-liane. Jere siki kuwe era bigdata, sapa sing bisa duwe lan ngolah data uga bisa nggunakna data mau, wong sing kaya kuwe sing bisa sukses.
Data lan informasi kuwe wis ana kabeh neng kpu banyumas, rika pada mung gari njikot meng kpu utawa neng website kpu banyumas. Lewih afdhole si rika pada meng kantor bae, teka dewek dadi bisa ngopi udud lan dopok karo inyong lan kanca-kanca kpu banyumas heee
Luur, kanggo sing pengin ngerti lan ginau babagan kepemiluan, neng kpu banyumas ana sing jenenge rumah pintar pemilu utawa desingkat RPP. RPP kuwe manfangatna ruang khusus nggo pendidikan pemilih lan uga nggo ngumpul kanca-kanca komunitas sing seneng utawa tertarik babagan pemilu. Neng kono kanca-kanca ngobrol, diskusi lan ngrumusna gawean nggo bareng-bareng ningkatna paritispasi pemilih lan kualitas pemilihan.
KPU gawe RPP kuwe tujuane kejaba nggo ningkatna partisipasi, uga ben kualitas penyelenggaraan pemilune ningkat. Dadi sing jenenge RPP kuwe deangen-angen, dadi pusat informasi kepemiluan, nggo ndidik warga masyarakat babagan pemilu lan demokrasi, ngenalna nilai-nilai dasar pemilu lan demokrasi, ben demokrasi Indonesia sehat, kuat lan pemilune bermartabat.
Luur, RPP kuwe minimal ana 4 ruangan. Patang ruangan kuwe apa bae?
1) Ruang audio visual. Ruang kiye nggo pranti muter film2 pemilu, dokumentasi kepemiluan utawa film sing ana kaitane karo pemilu. Ana pirang-pirang film sing wis desiapna neng kpu banyumas. Contone mbok rika pengin ngerti pemilu jaman kuna, neng kpu wis ana film dokumentasi pemilu taun 1955, orde lama lan order baru. Cocok banget kanggo bocah-bocah sekolah utawa pemilih pemula. Panggonane adem, ana ac ne.
2) Ruang display lan pameran. Neng kene detampilna bahan/alat peraga pemilu, contone brosur, leaflet, poster, maskot, uga bahan sosilaisasi liane. Uga na informasi dinding lan data hasil pemilu. sing kayane langka neng liane, neng KPU banyumas ana permainan edukasi arupa scrabble pemilu lan ular tangga demokrasi. Nek wis lagi pada dolanan ular tangga demokrasi lan scrabble pemilu.. KPU Banyumas ramai banget, pada pathing gentoakan lan gojegan. Pokoke semanger pisan.
3) Ruangan simulasi. Isine maket utawa diorama lan peralatan sing ana neng TPS. Neng kene kanca-kanca muda bisa latian nyoblos. Degawe persis karo coblosan pas pemilu kae. Ana sing dadi petugase, ana sing dadi pemilihe, uga desiapna kabeh peralatane. Ana kotak suara, bilik suara, surat suara, paku tinta uga ana, undangane nyoblos, daftar hadir, papan daftar pemilih, calon sing arep depilih lan pirang-pirang perlengkapan tps ana kabeh pepek. Persis kaya TPS sing neng pemilu.
4) Ruang perpustakaan. Akeh buku-buku kepemiluan, dokumentasi kegiatan sing bentuke kliping, album foto, cd lan uga ana jurnal,majalah lan buletin. Rika mung gari teka, maca-maca, angger arep nyilih ya kena.
Kejaba kegiatan neng ruangan mau, RPP KPU Banyumas kuwe duwe pirang-pirang program, contone KPU Visit (KPU Banyumas ngajak anggota DPRD Kab. Banyumas turba nemoni kelompok masyarakat). Neng kono, masyarakat bisa curhat meng anggota dewan sing teka. Dadi aspirasine masyarakat langsung gutul meng wakil rakyat. Uga ana KPU Mengajar, KPU Goes to Campus, Kelas Pemilu nggo masyarakat umum. Lan uga ana Pendidikan pemilih secara online.
Pendidikan pemillih kuwe sasaran pirang-pirang segmen, yakuwe segmen pra pemilih, pemilih pemula, perempuan, disabilitas, marginal, keagamaan,warganet lan lia-liane.
Luur, pendidikan pemilih kuwe banget pentinge, ben pemilih kuwe paham pentinge pemilu, ben pemilih kuwe bisa dadi pemilih sing cerdas lan berdaulat, ben pemilune kuwe dadi pemilu sing bermartabat, ora ana wuwur2an, ora ana fitnah2an, ora ana gonthok2an, ben sing kepilih kuwe wong sing amanah lan professional, ben demokrasine sehat, dadine rakyat kabeh uripe aman, nyaman, makmur lan sejahtera.
Merga pendidikan pemilih kuwe penting, mulane tanggung jawab pendidikan pemiliha kuwe udu mung neng KPU thok, ningen kabeh elemen bangsa, pemerintah, penyelenggara pemilu, partai politik, perguruan tinggi uga organisasi masyarakat sipil liane. Kabeh kudu nyengkuyung, kudu gumregah, gotong royong nyuksesna pendidikan pemilih. Siswa-siswane, mahasiswane, kader partaine, anggota oramase, lan sepiture kabeh kudu denei pemahaman nilai-nilai dasar pemilu, nilai-nilai demokrasi, pentinge pemilu lan lian-laiane ben ngemben titi wancine pemilu 2024, pemilu lan pilkadane lewih apik, lewih berkualiatas lan bermartabat. Demokrasi sehat, pemilih berdaulat, Negara kuat. Pemilu jujur, rakyat makmur. Aamiin.
Kesuwun ya luur. klilan