#Ngecebres: Wong Banyumas, Ilang Banyumasane

Kulanuwun. Kepriwe kabare luur? Moga sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin

 

Luur, pangapurane kiye nyong lagi grentes pisan. Jajal depikir ya lur, rika karo nyong mbok wong banyumas asli. Lair, cilik, gede, mbojo neng Banyumas. Golet pahal ya neng banyumas. Rama biyung, kaki ninine uga wong banyumas. Kasarane dewek kuwe wong banyumas satus persen. asli gosli banyumas, banyumas gel. Ningen rika pada krasa apa ora, nek budaya banyumas, warisan adiluhung kaki ninine dewek, siki meh ilang. Siki wong banyumas, bisa dearani wis ilang banyumase.

 

Contone babagan basa. Siki akehe wong banyumas, wis ora nganggo basa banyumasan, basane nyong lan rika pada. Wong Banyumas wis ora bangga nganggo basane dewek. Ngendong umahe tanggane, kumpulan, arisan, RT an, neng sekolahan, neng pabrik, neng pasar, neng warung lan neng endi-endi panggonan, wis jarang wong sing ngomong nganggo basa banyumasan, rata-rata nganggone basa Indonesia.

 

Apa maning bocah nom-noman siki, dewek wis angel nemuni bocah sing ngomong lan ngerti basa banyumasan. Jajal rika tes meng anake rika, apa pada ngerti sing jenenge senthong, plenthong, onthob lan conto lia-liane. Tek jamin, wis ora bakalan pada ngerti artine.

 

Sebenere basa banyumasan kuwe meh ilang, wis kit ganu, merga pirang-pirang sebabe. Salah siji sebabe yakuwe modernisasi. Modernisasi neng ekonomi, teknologi informasi, media sosial, urbanisasi lan lia-liane, merekna basa banyumasan wis jarang deenggo nggo basa pergaulan. Neng umah, neng sekolah, kantor lan endi panggonan, siki nganggone basa Indonesia.

 

Apamaning nek nonton tivi, film lan sinetron, dewek rasane kesuh banget, mergane sing nganggo basa banyumasan mesti sing dadi babu, wong cere menthe, kasta rendahan liane. Mulane dadi pada minder, nek arep ngango basa banyumasan, mending nganggo basa Indonesia merga wedi debully, dewadani neng kanca liane.

 

Luur, sebab liane uga pengaruh basa Jawa, basa wetan sing dominan. Neng sekolah-sekolah sing deajarna udu basa banyumasan ningen basa Jawa. Guru sing ngajarna uga akehe wong Wetan. Mulane aja gumun, nek anak-anake inyong lan rika pada dadi ora ngerti lan krasa aneh krungu dialek banyumasan.

 

Luur, priwe kuwe miturut rika pada? Apa dewek arep meneng bae, ngejorna basane dewek kuwe ilang? Mbok ora rila? Mulane mageh pada gumregah nguri-nguri basa banyumasan. Miwiti maning, ngobrole nganggo basa banyumasan. Neng umah, anake pada dewaraih basa banyumasan. Basa banyumasan kuwe udu basane kasta rendahan, ningen basa sing maen, egaliter, cablaka lan jujur apa anane. Basa sing pas banget deenggo neng urip bebrayan, urip sing guyub rukun, adem ayem kaya adate wong pedesaan.

 

Luur, budaya banyumas sing meh ilang liane kuwe kesenian khas banyumas. Bocah-bocah siki masa ngertia sing jenenge dhames, biaksi, lengger lan angguk. Ana lewih sekang seket kesenian khas banyumasan sing meh ilang, malahan kayane ana sing wis ilang.

 

Conto kesenenian khas banyumas, yakuwe: Menorek, Gandaliya, Jemblung, Cowongan, Pakeong, Ujungan, Rodat, Angguk, Aksi muda, Munthiet, Rinding, Buncisan, Rengkong, Baritan, Muyen, Sintren, Bongkel, Gumbeng, Salawatan jawa, Kaster, Dhaeng, Laisan, Macakanda, Dhames, Gubrag lesung, Epleng, Biaksi, Gejog, Ndonding, Emprak, Dhoger, Wirengan, Braen, Krumpyung, Thundan, Ronggeng, Kunclung, Kincar, Jayangker, Begalan, Ebeg, Lengger, lan lian-laine.

 

Kabeh kesenian mau kuwe siki nasibe ndoresani pisan. Mung sing mandan nasibe apik ya ebeg, begalan, lengger lan ronggeng thok. Liane ora ana sing nanggap. Mulane siki bocah-bocah neng banyumas masa ngertia kesenian mau. Aja-aja rika uga ora ngerti hee.

 

Mbok eman-eman pisan. Kesenian mau meh mung gari dadi crita tok, crita kang kaki nini. Kesenian khas banyumas mau asline maen-maen pisan, bisa dadi tontonan lan tuntunan. Mergane akeh-akehe ana pengajarane. Beda karo hiburan siki. Nek hiburan sing siki-siki, sing udu khas banyumas, akeh-akehe kuwe anane mung tontonan thok. Ningen ora bisa dadi tuntutan.

 

Luur, mageh depikir bareng, ikhtiar bareng-bareng, priwe carane ben kesenian mau ora ilang. Bisa dewarisna meng anak putune inyon lan rika pada. Mbok kaya kuwe?

 

Salah sijine miturute inyong carane, kesenian-kesenian mau, pada detanggap. Kon pada tampil maning. Nek rika pada hajatan, mbaranggawe, kesenian khas mau detanggap. Nek wis akeh sing naggap tholi, kesenian-kesenian mau akeh sing gelem nguri-uri lan akhire bisa lestari.

 

Luur, cukup loro bae ya, inyong ngecebres babagan budaya banyumas, yakuwe basa lan keseniane bae. Sing liane rika gari takon meng kaki ninine utawa priyayi liane.

 

Moga ana manfangate. Kabeh, inyong, rika pada lan pemerintah, bisa gumregah nguri-nguri budaya. Mogaa budaya banyumas bisa lestari. Aaamin.

 

Kesuwun ya lur. Klilan.

Bagikan:

facebook twitter whatapps

Dilihat 133 Kali.