#Ngecebres: Refleksi Reformasi

#Ngecebres10

Refleksi Reformasi

Neng : Imam Arif S (ketua KPU Kab. Banyumas)

 

Kulonuwun

Kepriwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin

 

Luur, tanggal 21 mei 1998 biyen kae, pak Soeharto mudun sekang jabatan presiden Indonesia sing wis dejagongi suwene 32 taun. Mudune presiden soeharto wektu semono dearanai reformasi. Dadine pemerintahan tes kuwe dearani pemerintahan era reformasi. Nek zaman sokarno, orde lama. Zaman soeharto, orde baru. Tes soeharto, orde reformasi. Habibi, gusdur, megawati, sby lan jokowi kuwe presiden zaman reformasi. Kaya kuwe lur. 

 

Mudune pak soeharto biyen kae, detanggapi rasa bungah lan syukur warga Indonesia, khususe neng mahasiswa lan rakyat cilik. Mergane impene, penganen angene, tes mudune pak soeharto, ekonomi lan kesejahateraan warga dadi tambah apik. Rega sembako dadi murah lan kejangkau. Golet gawean dadi gampang. Politike tambah maen, politisine kober mikirna rakyate. Korupsi, kolusi lan neportisme ilang. Rakyat lan lsm sing kritis ora wedi maning depenjara. Koran lan media massa ora wedi debredel lan sapiturute. Harapane bisa urip rukun, bebrayan, aman, makmur lan sejahtera. 

 

Ningen kasuyatane piye luur, wis 23 taun reformasi, impen utawa pengen-angen mau ora dadi kasuyatan, malahan dadi blabas saya ora genah. Korupsi  ora suda, malah tambah mambrah-mbarah. Dewek meh ben dina krungu warta, polisi, jaksa utawa kpk nangkapi wong sing korupsi. Wis akeh pisan anggota dewan, kepala daerah lan wong pemerintahan sing ketangkep merga korupsi. Korupsi wis mambrah kawit duwur gutul ngisor. Kawit menteri, anggota DPR RI gutul lurah lan perangkat desa. Ekonomi ora dadi saya apik. Sembako malah regane larang, mundak terus. Sing dadi tani, malah tambah rekasa. Golet gawean uga ora gampang, ana sethithik nggo rebutan wong pirang-pirang. Pkl pada degusur, karyawan akeh sing de PHK. Urip serba sumelang, ora nyaman lan krasa ora aman.

 

sing dadi mahasiswa, lsm, aktivis ormas utawa wong sing biasane kritis, siki-siki malah ora wani blas. Mergane kejaba deancam  depenjara nganggo UU ITE, uga bisa degruduk neng kelompoke sing ndukung pemerintahan. Wis akeh priyayi sing detangkap, depenjara merga kritisi pembangunan, merga kritik pemerintahan. Ana warta neng lebak banten, jenenge mas badru, upload video wong meteng arep meng dokter ndandak degotong tanggane merga dalane bodol pisan. Ningen mas badru ketiban apes, niate protes merga dalane bodol, neng lurahe delaporna polisi jere pencemaran nama baik. Udu dalane sing dedandani, ningen badru sing detangkep. Nek kaya kiye mbok ora ana wong sing wani protes, kritis utawa kritik pemerintahan, mergane wedi  mbok depenjara, Nek kaya kiye bedane apa karo jamane pak soeharto? Malah lewih parah.

 

Luur, kahanan sing kaya kuwe mau merkna rakyate pada kesuh lan kecewa meng pemerintah. akeh sing pada ngomong, enak zamane pak soeharto debanding zaman siki. Pirang-pirang gambar neng trek, tembok, balliho, spanduk gambar pak soeharto lan detambahi tulisan enak zamanku to?

 

Luur, reformasi uga gagal mujudna pemerintahan sing resik, apik lan mikirna nasib rakyate. Pilkada utawa pemilihan kepala daerah kuwe salah sijine anake reformasi, sebabe tuntutane reformasi kuwe pengine kepala daerah (gubernur, bupati/walikota ) kuwe udu tunjukan sekang pemerintah pusat utawa depilih mung neng DPRD thok, ningen depilih langsung neng rakyat. Angen-angene mahasiswa lan inyong rika pada pengin melu milih langsung kuwe, ben nyong rika pada duwe kuasa bebas milih calone, ben deregani  lan deperhatikna neng calon, ben bisa milih calon sing dekenal lan desenengi, lan mengkone calon kuwe dadi pimpinan sing mikirna rakyate. Ningen siki apa nyatane lur? Akeh-akehe pilkada sing ana kuwe urung bisa dadekna pimpinan sing deangen-angen neng rakyate, malahan anane pimpinan sing korup, ora amanah lan ora mikirna rakyate. 

 

Neng era reformasi kiye uga akeh umat beragama sing krasa deanaktirikna, esih ana diskriminatif. Siki akeh golongan utawa kelompok sing ngaku paling kuasa, sing ngaku benere dewek lan nyalahna liane. Uga pada gonthok-gonthokan ngaku benere dewek. Gawe panggonan sembahyang, esih ana bae sing kangelan. Dealang-alangi neng kelompok liane. Umat sing Nglakoni ajaran, uga esih ana kelompok sing krasa sumelang, was-was ora nyaman. Toleransi, tepo seliro kudune wis dadi budaya, malah kasuyatane pada gonthok-gonthokan, menang-menangan.

 

Kuwe mbok lur, reformasi nyatane gagal. Kabeh sendi kehidupan, kabeh  bagian urip bebrabayan, tambah ruwet, tambak amburadul, tambah ora genah, akeh masalah.  

 

Banjur solusine piye luur, miturute inyong, salah sijine ya kuwe dunia politik lan profesi politik kudu dadi kerjaan sing mulia. Merga dadi kerjaan sing mulia, carane kudu sing mulia. Hasile kudu mulia. Lan nggo urusan sing mulia. Dadi politisi, kepala pemerintahan, anggota dewan, hasil pemilu kuwe mau kerjaan sing mulia, mergane kerjaane mikirna nasib rakyate. Mulane nek dadi kepala daerah utawa anggota dewan, kudu nganggo cara-cara sing mulia, ora perlu wuwur, mitnah, adu domba, gelut, ningen sing kudu delakoni yakuwe dadi contoh utawa tulada neng tengah masayarakat, adu program lan komitmen kerja meng rakyat. Nek wis dadi kepala daerah utawa anggota dewan, kudu nggo mikirna urusan sing mulia ya kuwe priwe carane gawe rakyate bombong, urip nyaman, aman, tenang, makmur lan sejahtera. Mikir lan kerja priwe carane ora ana bocah sing putus sekolah, kesehatane dejamin, golet gawean gampang, cukup sadang pangan lan sapiturute.

 

Merga dunia politik lan profesi politik mulia, sing dadi rakyat kaya inyong lan rika pada ya golet sing bener-bener kena deandelna nggo mikirna nasibe dewek pad. Golet pemimpin sing bener, kober lan amanh. Carane golet sing wis nyata bisa dadi tulada, wis ana darmane, rekam jejake maen, komitmen meng rakyate, amanah lan professional. Ora milih pemimpin merga duwite, utawa wuwure. 

 

Kudu kabeh mlaku bareng, sing dadi politisi, pemerintah lan rakyat pada-pada duwe kekarepan ndandekna bidang politik lan profesi politik kuwe mulia. Apik lan numani. Aja kaya siki, jere politik kuwe njeleih. Ya dadi njeleih nek sing dadi mung mikir awake dewek, ya dadi njijiih neng milih merga olih wuwur. Yuh bareng-bareng dejajal ngesuk pas pemilu lan pilkada 2024. In syaa Allah dewek pada bisa. Bisa ndadekna politik lan profesi politik sing mulia. Aamiin 

 

Cukup semono bae ya luur, mogaa ana manfangate. Kesuwun ya lurr. Klilan.



 

Bagikan:

facebook twitter whatapps

Dilihat 504 Kali.