#Ngecebres : Pilkada
#Ngecebres16
PILKADA
Neng : Imam Arif Setiadi (Ketua KPU Kab. Banyumas)
Kulanuwun. Priwe kabare lur? Moga sehat, waras, bregas kabeh ya. Aamiin
Luur, ketemu maning ya karo inyong, tukang ngecebres hee. Mumpung esih bada, inyong tukang ngecebres ngaturaken sugeng riyadi luur. Wit ganyong neng duwur sadel, desiram santen. Nek akeh omonge inyong sing gawe mangkel, inyong njaluk pangapunten.
Priwe badane rika lur? Semanger pa ora? Tetep bombong kan? Apa bae kondisine, tetep kudu degawa bombong, kepriwe maning wong lagi ana pendemi. Apa-apa ya esih debatasi. Silaturahmi ya debatasi, lunga-lunga debatasi, plesiran uga debatasi lan sapiturute. Kuwe mau tujuane siji, ben kabeh sehat lan slamet, ora kena virus corona.
Luur, inyong lan rika pada wis mlebu kerja maning, wis kudu nyambut gawe maning. Wis cukup preine. Dina pertama mlebu, biasane pada nggo halal bi halal. Nggone inyong ya pada. Esuk-esuk apel, delanjutna halal bihalal karo kabeh kanca sekantor. Halal bihalal kuwe tradisi utawa budaya khas indonesia. artine pada-pada njaluk pangapura, pada-pada aweh ngapura. Nek basa banyumasane ya pur-puran. Ikhlas-ikhlasan, ora duwe dendam maning, ora duwe rasa mangkel maning. Kabeh deikhlasna, kabeh dengapurakna. Posisi kosong-kosong.
Dewek pada wis pur-puran, ibarate kertas kuwe bersih, ora ana coretan apa-apa. Dosa karo kanca batir, wis lebur sebabe wis dengapura. kudune inyong lan rika pada usaha ben priwe carane kertas mau tetep bersih, padane ana coretan ya aja kakehen. Carane ben ajeg bersih kuwe, inyong lan rika pada kudu ngati-ati, njaga lisane, njaga lakune, njaga tindak tanduke, aja ngasi gawe lara, kuciwa utawa cidra meng kanca. Mogaa inyong lan rika pada bisa dadi manungsa sing mulya. Aamiin.
Luur, tes acara halal bihalal neng kantor, nyong labas meng gedung dewan perwakilan rakyat daerah (DPRD) kabupaten banyumas, amrih melu sidang paripurna dewan. Salah sijine agenda sidang, ngrembug cadangan anggaran pilkada 2024. Sinambi nunggu sidang dewiwiti, nyong lan kanca-kanca kpu nemoni anggota dewan, halal bihalal pasrah keluputan. Mbok ana salah lan lupute urip bebrayan njaluk pangapura. Halal bihalal suasane akrab pisan, pada gurisan. Sanajan desambi gurisan, tetep ana rembugane, ya kuwe agenda sindang paripurna cadangan anggaran pilkada 2024.
Ya luur, pilkada banyumas kuwe taun 2024, sanajan bupati siki rampung jabatane september 2023. Pilkadane tetep 2024, bareng sedina karo kabupaten/kota seindonesia, utawa sing dearani pilkada serentak se indonesia. merga jengenge pilkada, miturut aturan perundang-undangan, sing nyiapna anggarane penyelenggaraan mau yakuwe pemerintah daerah. Nek pilkada kabupaten banyumas, sing nyiapna anggara ya kuwe pemerintah kabupaten banyumas. Kaya kuwe luur. Beda karo pemilu, pemilihan umum, anggarane desiapna neng pemerintah pusat.
Pas acara sidang paripurna mau, bupati banyumas ngendika pemerintah kabupaten nyiapna anggaran pilkada kuwe 80 milyar. Merga angarane gede, pemerintah kudu nyimpen disit utawa nyadangna disit, suwene 3 taun anggaran. Taun 2021, pemerintah nyimpen 20 milyar disit. Taun 2022 nyimpen 25 milyar, lan taun 2023 nyimpen 35 milyar. 80 milyar mau kuwe nggo kabeh tahapan penyelenggaraan pilkada sing deanakna neng kpu kabupaten banyumas lan neng bawaslu kabupaten banyumas. Uga anggaran keamanan nggo TNI/Polri.
Dadi mengkone dana 80 milyar kuwe debagi, dehibahna meng KPU Banyumas, meng Bawaslu, meng Polresta lan meng Kodim Banyumas. Banjur deenggo nggo kabeh tahapan pilkada. Sekang tahap persiapana yakuwe penyusunan aturan-aturan, perencanaan lan anggaran. Tahap pelaksanan pilkada yakuwe pembentukan PPK, PPS, KPPS; pendaftaran calon, verifikasi calon, kampanye calon, sosialiasi calon, pencoblosan gutul penetapan sapa sing kepilih. Terakhire tahap evaluasi.
Nek neng bawaslu uga ana tahapane, wiwit persiapan, pelaksanaan gutul evaluasi. Kabeh tahapan pilkada sing deanakna neng kpu, kabeh deawasi. Uga ana sing jenenge pembentukan panwascam, petugas pengawas lapangan tingkat desa lan ana pengawas TPS.
Luur, mesti rika gumun ya, deneng danane akeh banget? Ya kayakuwe anane, pilkada lan pemilu kuwe butuh dana sing gede. Mulane dewek pada kudu bener-bener golet lan ndandekna calon sing kober lan idep bener, calon sing peduli meng rakyate, sing amanah ben dana sing detokna mau kuwe ora mubah.
Ningen kaya kiye lur, ora usah sumelang. Kaya pilkada taun 2018 kae, pilkada kabupaten banyumas ngesuk kuwe bareng karo pilkada gubernur jawa tengah. Dadi akeh sing desingget, akeh pengiritane, mergane biasane anggaran nggo badan adhock ya kuwe PPK, PPS lan KPPS sing total meh 50 ewu wong kuwe sing nanggung dana propinsi. Jenenge sharing anggaran. Anggaran badan adhok kuwe paling gede lho, kisarane 60% sekang total anggaran.
Luur, kanca-kanca penyelenggara kpu lan bawaslu mesti gole ngetokna angaran mau nggango prinsip efektif lan efisien. Kaya taun 2018 biyen kae, tes shareing anggaran kabupaten karo propinsi, pemerintah kabupaten banyumas arep aweh anggaran 28 milyar meng kpu banyumas, ningen kpu ngenyang aja kakehen, 22 an milyar bae. Duwit 22an milyar mau deenggo penyelenggaran pilkada, nyatane lewih 5 milyaran. Pilkadane jalan, lancar, duwite esih turah lan debalikna meng kas daerah.
Luur, tes sidang mau, nyong lan kanca-kanca KPU labas meng Bawaslu. Mergane pas sidang paripurna mau, deneng bawaslu ora deundang. Mulane inyong lan kanca kpu banyumas dolan meng bawaslu niate silaturahmi lan kordinasi. Rembugan bab cadangan angaran pilkada mau. Ben kompak lan klop kabehane. Alhamdulillah kordinasine lancar, guyub rukun, suasane cair karo gentoakan lan desambi maem opor ayam. Nylekamin pisan.
Luur, sepisan maning ya, yuh bareng-bareng mujudna demokrasi sing sehat, pemilu lan pilkada sing bermartabat, golet pemimpin sing kober lan idep bener, sing amanah lan peduli karo wong cilik. Pemimpin sing gawe bombong rakyate, udu mung gawe bombong bandare tok. Carane priwe? Dedeleng rekam jejake, darmane lan inyon rika pada aja gelem nampani wuwur. Nek ana sing wuwur, laporna bae meng bawaslu. Ben kawus.
Cukup semene bae ya luur, ngecebrese inyong. Moga ana manfangate. Sepisan maning mumpung esih bada, nyong njaluk pangapura. Kesuwun ya luur. Klilan.