#Ngecebres : Bada

#Ngecebres1

BADA

Neng : Imam Arif  Setiadi (Ketua KPU Kab. Banyumas)

 

Kulanuwun. Priwe kabare lur? Moga sehat, waras, bregas kabeh ya. Aamiin

 

Luur, sedela maning bada. Kuwajiban puasa sewulan med sedela maning rampung. Rika esih kemutan mbok, wektu esih dadi bocah. Menangi bada senenge ora lumrah, bungah pisan. Bada pada nganggo klambi anyar, maeme kupat opor ayam, jajane pirang-pirang lan akeh wong aweh duwit sholawatan. 

 

Lur, nek wong jawa kaya inyong lan rika pada, bada uga demaknai lebaran, leburan, luberan lan laburan. Lebaran sekang tembung lebar. Tegese wis rampung. Wis rampung gole ngayahi kuwajiban puasa, wis rampung gole tirakat puasa sewulan dur, ora pada bolong. Sewulan dur, inyong lan rika pada puasa, traweh, nderes, lan ibadah lia-liane ben dewek pada dadi manungsa sing apik, lewih taat meng gusti Allah. 

 

Lebaran uga nemu teges leburan, ya kuwe inyong lan rika ketemu kanca batir, ngumpul bareng, pada-pada ngendong lan silaturahmi. Neng kono pada pasrah keluputan, pada ngaku salah kabeh, kabeh pada njaluk pangapura lan aweh pangapura, utawa pur-puran alias kosong-kosong. Ora ana wong sing ngaku bener dewek, kabeh ngaku salah lan njaluk pangapura. Maen banget lah suasanane. Guyub rukun, mlebur dadi sedulur.

 

Lebaran uga tegese luberan, ya lur. Yakuwe rejekine dewek pada debersihi, carane debagi maring sedulur, tangga teparo utawa kanca batir sing kurang mampu. Dewek pada kon ngetokna sing jenenge zakat fitrah. Zakat fitrah kuwe wajib nggo sapa bae sing urip, awit bayi nembe kloer gutul wong tuwa sing wis buyuten, kami totolen. Lewih maen maning, uga detokna sing jenenge zakat mal, nggo ngresiki  banda dunya inyong lan rika pada ben berkah. Sedekah lan duwit sholawat nggo bocah-bocah cilik ben bungah ya perlu desiapna, rika pada mlaku-mlaku silarutahim karo mbagi-mbagi aweh meng ponakan, plunan, putu, buyut lan bocah cilik liane. Mbok maene poll. 

 

Lur, lebaran uga tegese laburan. Sebabe biasane nek badan utawa lebaran, akeh wong sing ndandani umah ben keton resik, apik, delabur maning ben keton padang. Tujuane nggo ngormati sedulur, kanca batir sing silaturahim. Kejaba umahe sing delabur, dedandani ben ketone apik, uga biasane pada nganggo klambi anyar-anyar. Kadang kadang udu klambi tok sing anyar, giwang, suweng, kalung, kursi, meja lan lian-liane uga deanyari. Kabeh mau kuwe sifate lahiriah. Ningen sing penting kuwe niat ndandani utawa ngayari akhlak lan budi pekerti. Tes puasa sewulan med, ngayari maning, dadi anyar maning, dadi wong sing apik akhlake lan budi pekertine maning ora kecampur sifat lan laku sing ala.

 

Luur, kejaba lebaran ngemu tembung leburan, luberan lan laburan mau, uga nemu tembung liburan. Mergane pemerintah wis netapna dina bada dadi dina prei, minimal 3 dina prei bareng. Uga bisa demaknai wis libur utawa prei, ora njalanna kewajiban puasa merga wis rampung.

 

Luur, kahanane bada taun siki esih ajeg kaya taun wingi kae. Esih ana pendemi corona. Mulane inyong lan rika kudu tetep waspada. Njaga bareng-bareng ben corona ora nyebar, lan gagean ilang. Dewek tetep kudu ketat nerapna prokes, protokol kesehatan. Tetep kudu nganggo masker, sering nyuci tangan nganggo sabun, njaga jarak, ngindari kerumunan lan nyuda lelungan. 

 

Luur, wingi kae, inyong lan kanca-kanca neng grup germas, gerakan masayarakat, sowan meng kapolresta, meng dandim lan meng bupati banyumas merga krasa priyatin banget, kit likuran kae, akeh wong sing pada ngelalenna prokes, protokol kesehatan. Neng pasar, neng toko, neng mall-mall pada umpel-umpelan, umpyek-umpyekan pada tuku klambi anyar. Uga tuku nyamikan utawa panganan. Apa maning dina jumat, setu, minggu kae, pada prepegan ningen ngelalenna protocol kesehatan. Neng rumah makan, buka puasa uga ramai banget pada umpyek-umpyekkan. Kayane siki wis pada kendor kabeh gole nerapna protocol kesehatan. Uga neng panggonan ibadah pada bae. 

 

Nek kaya kiye carane, mbok pada bae gawe musibah nggo dewek pada ngesuk ngembene. Bisa merekna virus corona nyebar ora ketulungan, mbabit presasat meng ngendi sing ora. Bisa kaya taun wingi kae, akeh sing pada mlebu rumah sakit lan mati merga kena corona. Na’udzubillah.

 

Luur, mayuh bareng-bareng manut lan ngetutna himbauan pemerintah. Aja pada gawe krumunan, umpel-umpelan, tetep nerapna protocol kesehatan. Nggo kanca batir sing pada ngrantau, uga taun siki kon sabar maning. Mergane ora olih mudik maning. Ora olih balik ndesa maning. Esih kaya taun wingi. Inyong sanajan wis ora duwe rama biyung, melu ngrasakna lah tangis batine rika pada sing neng perantauan. Pengin ngumpul karo keluarga, pengin sungkem meng rama biyung. Ningen priwe maning, wong delarang pemerintah, wong esih ana corona. Mbok rika pada balik ndesa, niate gawe bungah malahan bisa gawe musibah. Nggawa virus corona, bisa dadi nyilakani wong tuwa. 

 

Luur, sing sabar bae disit, nggo manfangate kabeh ikih. Silaturahime, sungkeme ajeg kaya taun wingi, nganggo virtual bae, nganggo hp bae. Ben slamet kabehane. Oleh-oleh utawa THR depaketna lan detransfer bae hee. In syaa Allah tetep bisa silaturahim, tetep bisa bekti meng wong tuwa.

 

Mayuh sedulur, pada donga sing kenceng, donga ben corona gagean lunga. Inyong lan rika pada bisa urip sing berkah, rejekine melimpah, bisa ibadah kanthi istiqomah.

 

Pungkasane atur, inyong mbok gole ngecebres sering kasar, nyindir, nyinggung, nyinyir lan gawe gela rika pada, inyong njaluk pangapura. Inyong lan kanca-kanca KPU Banyumas ngaturaken Sugeng riyadi 1442 H, sedaya lepat nyuwun pangapunten. 

 

Kesuwun ya luur, klilan. 

 

 

Bagikan:

facebook twitter whatapps

Dilihat 592 Kali.