#Ngecebres : Ngelmu
#ngecebres14
NGELMU
Kulanuwun, priwe kabare luuur, moga sehat waras bregas kabeh ya. Aaminn
Luur, priwe puasane rika pada? Mbok lancar lan tutug gutul wektune. Moga puasane, trawehe, nderese, sedekahe lan ibadah lia-liaen dewek pada detampa neng gusti Alloh. Allohumma Aamiin
Luur, saben tanggal 2 mei, dewek pada mengeti Hari Pendidikan Nasional. Ningen mengeti hari pendidikan taun kiye inyong krasa priyatin meng nasibe bocah-bocah pada. Priyatin tur sumelang. Priwe ngemben nasibe bocah lan nasibe negarane dewek. Mergane bocah-bocah wis lewih kang setaun sekolah mung neng ngarep hp utawa ngarep laptop. Pendidikan sing kudune aweh kaweruh utawa ilmu pengetahuan lan nilai moral kebejikan, setaun lewih mau anane mung aweh kaweruh tok. Kuwe uga ora maksimal.
Pak guru lan bu guru aweh kaweruh nganggo video utawa tulisan, murid-muride mau sinau dewek. nek begja ya wong tuwane melu ngancani. Pak guru lan bu guru ora bisa transfer nilai moral lan kebejikan. Sebabe ketemune neng wa, youtube utawa zoom meeting tok. Neng umah bocah lan wong tuwane anane rebut dewek, reang dewek. Ora sida sinau, malah padu karo wong tuwane. Wong tuwane hawane kesuh lan uring-uringan merga kon marahi bocah, deweke uga akeh gawean.
Bocah-bocah sekolahe mbuh dadi apa, neng ngarep hp utawa laptop segeleme dewek. Ora ana unggah ungguhe kaya nek lagi neng sekolahan kae. Malahan akeh-akehe tes absen, banjur lunga dolan utawa game-gamean. Tangi turu sewayah-wayah, segeleme dewek. Merga ora ana kewajiban nek sekolah ngarep laptop utawa hp mau kudu adus disit, dandan disit utawa ngango seragam. Jian bener-bener merdeka belajar, bebas sinau, sinau bebas, sinau ya kena ora ya kena ndean kaya kuwe mbok neng pikirane bocah-bocah. Bisa dibuktikna lah, nek pas ujian utawa tes, bocah-bocah garape mung takon neng google tok, jere kadar ora ana sing ngawasi ikih.
Luur, rika mesti ngrasakna lah ya, dewek pada kudu nukokna hp lan kuota mergane bocah kon bisa sekolah, ningen malah dadi penyakit tok. Sekolah neng ngarep hp mung pirang menit tok, selewihe pada game-gamean sedina met, ora ngerti wektu. Malahan ana sing gim-gimane gutul esuk. Kelalen wektu sholat, deprintah wong tuwa anane mringsung. Jian priyatin pisan.
Nek kahanane kaya kiye bae, priwe nasibe bocah-bocaha ya? Sinaune segeleme dewek, nilai moral kebajikan anane nemu neng dalan, kasil dolan. Kaweruhe sing detrima ya ora maksimal, nilai moral kebejikan kapiran. Mbok yao gagean sekolahe debuka, sekolahe normal maning. Wong pasar, mall, panggonan plesiran, hajatan wis deolihna, kiye sinau neng sekolah malah esih dilarang. Nek kaya kiye bae mbok melasi banget nasibe bocahe dewek? Nek bocahe dewek pada kawruhe pas-pasan, nilai moral kebecikane kapiran, apa ora melasi ngembene nasib negarane dewek? Mogaa sumelange inyong lan rika pada ora kewujud ya. Nangudzubillah.
Luur, golet kawruh utawa ilmu pengetahuan nek neng jawa jenenge ngelmu. Ngelmu kuwe kelakone kanthi laku. Tegese wong golet ngelmu kuwe kudu kanthi usaha, delakoni temenanan, lan ngadohi sipat ala ben bisa kasil. Ngelmu utawa nggolet kawruh kuwe wajib ukume wiwit lair gutul nganti setekane umur utawa mati. Merga ngelmu kuwe pancen perlu banget. Coba debayangna, nek wong urip ora duwe sangu kawruh, kaya wong neng tengah segara ora duwe kompas, bisane mung thingak thinguk bingung arep mareng ngendi ora duwe tujuan.
Luur, golet ngelmu kecaba kudu temenan, uga kudu akeh pengurbanan. Jere jer basuki mawa beya. Kudu ngetokna duwit, tenaga, wektu lan lia-liane. ora gampang kaya malik epek-epek tangan. Kandhane Bung Karno, kristalisasi kringet, uga dilakoni kanthi iklas lan jembar dhadhane kaya segara.
Luur, ngelmu kuwe uga bisa nudhuna nasibe wong. Karo ngelmu, wong bisa olih gaweyan, banjur olih dhuwit sing bisa nyucukupi kabutuhan kulawarga. Ngelmu uga merekna dadi pangaji lan pakurmatan. Saya dhuwur ngelmune, mesthi uga dhuwur pakurmatane. Deleng wae BJ Habibie, sapa sing ora gumun lan urmat karo kapinterane gawe montor mabur. Lan sepiturute.
Luur, sing penting maning, pendhidhikan kuwe udu mung sing sifate formal tok neng sekolah-sekolah kae. Pendhidhikan watak uga prelu banget, dewiwiti neng umah, neng kulawarga. Bapa-biyung kudu dadi conto kanggo anak-puthune. Nyonthoni babagan ngelmu sipat-sipat sosial lan kabecikan. Siki tholi dewek sering krungu brita, ora sethithik pejabat, pulitikus, pengusaha lan lia-liane padha diukum gara-gara dadi wong pinter ningen senengi minteri. duwe kapinteran ningen ora dibarengi sipat-sipat kabecikan. Ilmune ora migunani kanggo kabecikan meng awake dhewe lan masarakat, ningen malah kanggo sangu tumindak culika, nyolong utawa korupsi.
Mulane ya luur, pendhidhikan kuwe sejatine ora mung babagan ngisi sirah thok, ningen uga ati sing deisi sipat-sipat kabecikan, preduli marang sepadhane, ora duwe sipat srakah lan seneng-seneng sing kurang migunani.
Luur, nek kanggo wong banyumasan, bisa njikot kang falsafahe kudi. Gamane lan simbole wong asli banyumas. Kudi kuwe tegese kudu ngudi, ya kuwe kudu ngudi kawruh. Kudhu seneng ggolet ngelmu, ora gampang marem karo ilmune. golet ngelmu kuwe guthul pati. Mergane Bandha donya, dhuwit sakgepok tetep bisa enthong pronthong utawa ilang. Ningen ngelmu dadi barang kang ora bakal bisa ilang selawase. Migunane nggo dewek lan sekabehane. Mbok kaya kuwe?
Mogaa anak putune dewek dadi wong sing pinter lan bener ya lur. Bocah pinter sing duwe sipat kebecikan kanggo dewek lan masayarakat. Sing bisa gawe mongkog wong tuwane. Aamiin
Cukup semene bae ya luur, moga ana manfangate. Kesuwun ya luur. Klilan.